PUPUH XXVI
P A N G K U R
– 01 –
La
ya Nyi Indhang garjita, anjumbul-jumbul kaget tur sarwi nabda he sakoro
kacung, Parwatali lawan Talibarat padha gujengana iku, Rara Lisni
ingkang rosa, ambok kontal kenang thathit.
– 02 –
Ya
ta Talibarat, Parwatali pansamya anggemeli, astane sang rara iku, dupi
Nyi Brajarara, anggepeli rambute sing uluhipun, tan dangu kilat
agemnya, talerep kilat lan thathit.
– 03 –
Gebyar-gebyar
ora mendha, mapan kilat mancaroba nganan-ngering, maring ngarep maring
pungkur, mingsor maring ngawiyat, dangu-dangu nuli medal gelapipun,
gelap ingkang mancaroba, ting sariwik nganan-ngering.
– 04 –
Maring
ngarep maring wuntat, maring dhuwur mingisor anjejeg bumi,
dangu-dangunipun nuju maring Rara Lisni adan, babar pisan wedale jabang
jalu, warnane suteja peglag, kakacae ika dadi.
– 05 –
Gelap
nyenggrang namanira, ari[ari ika sampun dumadi, gelap sangyang
wastanipun, pusere ingkang tigas, dadi gela nyawang ing paparab ipun,
wus kadadiyan titiga, kapat maring jabang bayi.
– 06 –
Ya
ta Prabu Ciyungwanara , cirak-cirak kalangkang suka ningali, kang
canggah wus babar metu, ingkang marga lantaran, ingkang tulung Ingdhang
Sakati ing mau, kang kina daluraning karsa, amiyosaken babayi.
– 07 –
Sang
jabang ika kaangkat, linggih ratu dening sang prabu yoni, Ciyungwanara
kang junjung, kalenggahaning canggah, pan sinebut Prabu Wastu
parabipun, kasanson ing kulawarga, Pajajaran suka ngapti.
– 08 –
Aketuge
sasahuran, wetan kulon padha aganti uni, tanopen wetan lor kidul,
sawaraning Yang jagat, padha nakseni ingkang lilinggih ratu, ana ing
rat Pajajaran, Prabu Wastu jabang bayi.
– 09 –
Tatapi
ing karsanira, Ciyungwanara si jabang dipun imponi, piyambak ing Prabu
Sepuh, ya ta samulur raja, ing Pakuwan ra timbul ingkang sasulur, akeh
padha rena, amuji juragan aji.
– 10 –
Mila
ika kang wong sanak, Prabu Ciyungwanara saking ngukir, rancakowek warni
manuk, kang aran Gunung Krendha, kang pinangka pamong-monga Prabu
Wastu, mrana-mrena atut wuntat, anjaga dhiri sang aji.
– 11 –
Prabu
lare wus anyakra, menak pra kuwi sigar sawetaning, Pajajaran kaya mau,
awit Cilutung ngetan, tatas maring Cipamali kang kawengku, dening Prabu
Wastu purba wisesa Sundha negari.
– 12 –
Papatihe kang anama, patih Burung kandha nyatane paksi, kang juru pamong-mong wau, bisane anginger bala, mulane dadi papatih.
– 13 –
Tanggung-tanggung
kang manusa, masih pinter kepati burung wiring, Tumenggunge kang
sinebut, Tumenggung Natakriya, Pakuaji saking Cigasong punjul, bisa
nginger pagaweyan, kang dadi anjugalani.
– 14 –
Tan
Ki Demang Bantarpanjang, langkung bisa amutus kang prakawis, agawe
enaking padu, angrampungi pradata, lan Ngabehi Sokapulang iya iku,
ingkang jaga-jaga nagara, ngemiti pagusten aji.
– 15 –
Wus
tan ana kakurangan, sinaroja gul menak kang Bopati, apa adating sang
ratu, pinayungan para eyang, Parwatali angahu biwaya ipun, miwah eyang
Talibarat, kang seghenge angampingi.
– 16 –
Ing
turunan Pajajaran, kawuwuhan sadulur kang ngampingi, gelap nyawang
Karangsembung, gelap Sangyang Talag, gelap senggreng kalangkeng
pandengel wijung, kang padha raksa rumaksa, ing salinggih ing narpati.
– 17 –
Kocap
praja Pajajaran, ora kena jaladhak ingkang wani, tan kena sathithik
sigug, anuli ana gelap, tanpa sangkan mobat-mabit awor lisus, Parwatali
Talibarat, giyuwan peteng lir wengi.
– 18 –
Sing
asing aneranga, ing pantange Pajajaran dadak nuli, udan angin gelap
tempuk, iya iku martabat, ya polahe Talibarat anempuh, Parwatali
ngabar-abar, lan gelap nyawang nambungi.
– 19 –
Gelap
sangyang sing jro toya, gelap senggreng garantang tanpa thathit,
kaligane gumurubyuk, gumalendhang dharangdhangan, ya mulane den arani
ingkang nebut, aki buyut Banyakgarantang, ila-ila kang pamuli.
– 20 –
Iku
dadi patengeran, anak putu ingkang anyerang papali, nuli ngedhang para
buyut, maring sobawanira, pramilane Pakuwan wanter pangaruh, mauk miber
angambara, ngungkuli bawa dewaji.
– 21 –
Tangtu
tiba kaju lina, turunan ratu anget sakalir titi, tan kena den idek iku,
wawayangane nalendra, sing angidek dadi pincang dadi buntung, sing
angidek Suramangkrak, dadi lumpuh dadi gering.
– 22 –
Ngayeg-ayeg
kena tulah, Prabu Wastu Pajajaran mandi, supatane dadi tumpur, saanak
putu nira, inkang kena padha upataning ratu, Prabu Wastu Ginotama,
sinata ing dhewaji.
PUPUH XXVII
S I N O M
– 01 –
Prabu
wastu Pajajaran, sedhengane olih rabi, saking anaking bramana, Susuk
lampung ingkang nami, Ni Ratna Sekarati, kalangkung warnane ayu,
warnaning kaendahan, tan ana ingkang mantari, kaya garwa sang nata ing
Pajajaran.
– 02 –
Kalangkung
ing kinasihan, ing sadaleming purati, linulutan ing sakula, parekan
kang ageng alit, dening warnane abecik, patutuganipun arum,
anglegakaken manah, sapolahe amantesi, gedhe cilik sadaya aturun marma.
– 03 –
Wedi
asihing majikan, ora na sawalang kapti, jeng prameswari sakara,
cirinipun den ingkedhi, ora ilok kathik, aresep saumur ipun, ya dadi
ora bisa, anak-anak ing sasami, laminipun ora amiyosi putra.
– 04 –
Suwane
Sri Naradhipa, dening datan miyos siwi, punika kang prameswara, tatamba
ing ngenda-ngendi, daropan anganaki, parandene datan metu, anak maning
yen iyaa, sabab kaliwating aking, pranakane Sang Dewi Sarkara ika.
– 05 –
Pirang-pirang
tukang tamba, saking sabrang saking Jawi, kang seja naglelesena,
pranakane ya Sang Dewi, weleh tan ana dadi, mundhak akingipun gempung,
koncara lamon ika, ora idu ora yiyid, ora umbel ora duwe sulu mata.
– 06 –
Tan
karinget tan kalalar, ora wadi ora mani, estuning bresih sarira, ora
reseb ora mimis, marmanipun dumadi, lan amijil putranipun, Prabu
Wastukalintang, wus boya anganaki, garwo malih garwo malih pon tan
putra.
– 07 –
Ngalap
garwa wadon ingkang, bebet manak istri saking, putrane Buyut Satohan,
kalangkung dermaneki, sampun kagarwa puniku, ana ing Pajajaran, pinuju
panenggek kang asri, salamine pon boya miyosi putra.
– 08 –
Kocap
Ptih burungkrendha, angiwat putraning aji, saking pulo Tulangbawang,
wau kang binakta dening, nama Encecalingcing, pun sampun wau akatur,
dhateng sang prabu nata, ing Pakuwan sampun tampi, iya iku dadi
purwakaning perang.
– 09 –
Ing
besuk panusul ira, Tulangbawang maring Jawi, angused larining ilang,
lawas-lawas katiliktik, anenggeh maring Jawi, tan ana roro tetelu,
ingkang papati garudha, amung ing Sundha negari, ing marmane besuk
karuru larinya.
– 10 –
Dupi
samangke kalingan, durung gemet angilari, marmane ika wanodya, Ence
Galingcing dumadi, garwa aji ing puri, Pajajran iya iku, kyan Patih
Burungkrendha, kang nanggoi pati urip, sewakane dheweke kanggep ngawula.
– 11 –
Tiya
cicirine ta sira ki Patih Burung ya dening, karya laku ngiwat-iwat,
kale wadon duwe laki, kangkat wani angambil, kanggo babakti ing ratu,
ngiseni ika kewan, nuli ana arti nisip, gawe ora arju mungguhing dewa.
– 12 –
Wang
ing sakala samana, ora nana una uni, Prabu Wastu ing Pakuwan, pon
kagarwa tan mijil, putrane gabug maning, garwa tetelu tan sunu, nuli
malih gagarwa, kang minangka maha dewi, wadon saking Luwiliyang kang
anama.
– 13 –
Sariandilep
kang nama, putraning Buyut Gunggirik, pan mangkana pinet garwa, ya iku
pan gabug maning, tan ana medal siwi, kasawung ing pegat turun, atuwin
ana anelang, kang dudu waris ing aji, ya wis ngijir gadhang kaselang
susupan.
– 14 –
Marga
peteng kang anyelang, apindah-pindah turuning, rati ing Pajajaran,
satemene susupan ing bramana mangko gadhang kacatur, nuli sang nata
garwa, malih kang pinangka dadi, pameswari iku wadon saking kubang.
– 15 –
Putrane
ki Cupangcapra, nami Nyi Carananggolis, panendhi ratu Pakuwan, iya dadi
gabug maning, ora na kang mijili, garwa sakali manipun, garwa lima
kapadhan, gabuge tan ana mijil, ing aputra gawoke wong Pajajaran.
– 16 –
Prabu
Wastu nuli ngalap, selir kawandasa sisi, winangking sadaya nira, tan
nana medali siwi, agabug sadayaning, rinebak-tebak asuwung, tan ana
gumentasa, ing dos wiji-sawiji, ngajah padha mathem wijil gembyung.
– 17 –
Wondening
arjaning pura, ora nana kaya iki, Prabu Wastu mulat bisa, ambabar
danawa wangi, salamine ngratoni, wis windon takeran tahun, lami-lami
kang garwa prameswari Sarkarati, langkung sadarga dening tan kagungan
putra.
– 18 –
Lalu
buwang-buwang raga, mikiri punthes ing aji, dadya pamitan sing kana,
sing ngarsane Sri Bupati, ora anggandol sami, rama ajar Sususklampung,
tumulung darbeya siwi, Prabu Wastu pan andulur ing garwa.
PUPUH XXVIII
KINANTHI
– 01 –
Dadining
sang Prabu wastu, ing lilani prameswari, entare saking Pakuwan, sebab
wis ora na maning, garwa ingkang kinasihan, mung garwa aji Calingcing.
– 02 –
Asal
Tualangbawang wau, kang dipun abet ing ati, anggepe sang nata endra,
bubar kabeh para rabi, sok aja Calingcing ratna, kang dadi rasaning ati.
– 03 –
Gabug-gabug
pan kapuhung, sakabeh tan amutrani, sang nata pijer kakenan, ing
dhesthi ratna Calingcing, sakathah ing para garwa, lan ana ketang
katolih.
– 04 –
Amung
kang den tunggu pupuk, iya nyi Rara Calingcing, estu kangge ing akrama,
rimbitan sawengi-wengi, pepedhang sadina-dina, angrasa dadging sagelih.
– 05 –
Sigegen
kang dhesthi lulut, kocap nyi Sarkarati, medheke maring kang rama,
bramana Susuk pinundhi, panuhun reka pandaya, dra pon dheweke si siwi.
– 06 –
Ki Bramana wuwusipun, ya toli kapremen si toli akale si bapa, ora na kang miyatani, toli kapremen tala, budine si bapa iki.
– 07 –
Kajapa
ingkang panedhu, kang usada warni-warni, ing sabisa-bisaningwang,
angupaya apa maning, mider kenges sun salaksak, ora na kang miyatani.
– 08 –
Kang
luwih punjul sing isun, supondaya amaringi, ora kaya tan tumama, toli
kapremen maning, pandaya misunwis cekap, cupet cempole ing budi.
– 09 –
Ratna
sarkarati muwus, rama kula jaluk mati, yen boten medal putra, jaluk
mati sapuniki, sumangga den pejahana, dening jeng rama ing ngriki.
– 10 –
Kula
boten ajeng mantuk, dateng Pajajaran malih, yen boten badhe pikangsal,
awak kula langkung isin, dhateng maru-maru kula, kasuhur ngilari jampi.
– 11 –
Nunten
kula mantukipun, kalowos tan angsal kardi, sumangga jeng rama amanah,
Bramana Sususk mangsuli, babu nini ya ta iya, si bapa pon milu isin.
– 12 –
Ora
kaya yen isun, bebeg dheng wis sumpel ati, toli kapremen iya, ambri
dadalaning ngoli, kaya pasakarep ira, sira gelisa pepecil.
– 13 –
Ratna
Sarkara agupuh, tegane wis sangu keris, arahe suduk sarira, dupi
katingalan dening, ki Bramana Sususk enggal keris den candak tumuli.
– 14 –
Basane
jalukan isun, ingkang mati labuh geni, babu nini aja sira, sira
salameta urip, sarta aduwea anak, benjang ing sawuri mami.
– 15 –
Ya
ta bramana awangun, tumangan geni wus dadi, adan enggal linebonan,
bramana wus dadi api, wus dadi apu dahana, dimane ikang nyurupi.
– 16 –
Dhateng
guwagarbanipun, Sarkara dadi garbini, malembung wadharan ira, dupi
ginarayangaken dening, dhukun anyata bocah, berage nyi Sarkarati.
– 17 –
Adan
gupuh enggal mantuk, ing Pajajaran wus isi, anjeblung punang wadharan,
sasambate prameswari, yen rumihin sacombana, lawan Prabu wastu nuli.
– 18 –
Kula
kesah ruru dhukun, inggih laksana pakolih, dhukun sakti mandraguna,
dugi kula meteng mangkin, puniki ingkang yumana, ucaping dhukun
pawestri.
– 19 –
Kang
grayang inggih estu, inggih isi jabang bayi, Prabu Wastu angandika,
subagjane estu yakti, mangko yen manjing itungan, sangang wulan duk
sarasmi.
– 20 –
Tya
estu anak isun, nanging yen angliwat saking sangang wulan duking
bendra, iya dudu anak mami, nyata iku olihira, ruru lanang liyan maning.
– 21 –
Prameswari
agegetun, maras bok angliwati, ing sasiye bebeleyan, salamine
ketar-ketir, bekeng temah iya liwat, dugi maring rolas sasi.
– 22 –
Ya
ta ika Prabu Wastu, kalangkung sengit kapati, tan karsa angaken putra,
kang garwa den tudhung wani, samono Dewi Sarkara, sedheng tandang karsa
nyingkir.
– 23 –
Kesahipun
saking riku, kang jabang kinempit ingindhit, mantuk maring lampung
karsa, Prabu Sepuh liwat luwi, masa kakena ing manah, ningali warengka
sesi.
– 24 –
Sangsaya
ing pulo Lampung, Ciyungwanara nimbali, ming pancalima Pakuwan,
Talibarat Parwatali, Gelapnyawang gelapsangyang, gelapnyenggreng kinen
sami.
– 25 –
Jaga
aneng pulo Lampung, jabang bayi wareng mami, ya ta ika pancalima, samya
ing Lampung ngabuhi, dadya tilar Pajajaran, angraksa jabang narpati.
– 26 –
Nulak
sagung bala ripu, ing Lampung rahayu urip, Dewi Sarkara buwana, ing
kana nuli angimpi, kapanggih lawan kang rama, bramana Lampung nuturi.
– 27 –
Saryakaruna
lingipun, adhuh gudhi anak mami, anandhang lara katimpal, kang gondhol
si jabang bayi, si jabang sira sun puja, angreha Sundha negari.
– 28 –
Aranana
jabang iku, dening ingkang nyambat asih, aranana Sususktunggal,
cacaloning wong abecik, yen tuwaa besuk bagja, muktine tinemu kari.
– 29 –
Wusing
mangkana awungu, emut wawangkiding ngimpi, jabang lunta ingaranana,
Susuktunggal kang nami, pinayungan pancalima, yan mini moyang gaib.
PUPUH XXIX
ASMARADANA
– 01 –
Duk
kang yuswane sang jati, jejeging sadasa warsa, adhemiwit arti budine,
alusma barang laksana, tan pati guling dhahar, karemane angalenthung,
ing pasisir kidul ika.
– 02 –
Wus
awor lawan dhedhemit, satingkah polah limunan, wis tan karungu wartane,
nanging ika pancalima, but buri amayungan, sagenahe Jaka Susuk,
pancalima momong lampah.
– 03 –
Talibarat
Parwatali, Gelapnyawang Gelapsangyang, Gelapsenggreng salabehe, kabeh
padha rumaksa, maring sang Susuktunggal, ana ing lautan kidul,
ombak-umbul ing sagara.
– 04 –
Ing
karang kang sigreng sungil, karemene kumarasan, tumuli ana esihe, nyi
Gedheng Rarasiluman, maring kang Sususktunggal, ing kana den gawe
mantu, pinanggihaken kaliyan,
– 05 –
Putrine
ingkang anami, nyi Rara Mutiyalarang, sampun campa kramane, ana ing
tenjolayaran, ing jagad alimunan, denuri-uri den ruru, denira para
jawata.
– 06 –
Sigegen
kang amor dhemit, kocap kang aneng Pakuwan, Prabu Wastu sajengkare,
genya anyakra buwana, amurba amisesa, Burungkrendha patihipun,
andel-andele sang nata.
– 07 –
Datan
antara ing lami, panusuling Tulangbawang, Kaka Ramana jenenge, sabrang
dadi adat buta, padha doyan manusa, belung kapal bulanipun, wus bancik
ing Pajajaran.
– 08 –
Seja
angrebat sang putri, Ratna Calingcing ing kuna, muwah deniwat dhingine,
dening patih Burungkrendha, seja mangko denrebat, sang putri seja
mangko denrebat, sang putri seja denjuput, kangiwat seja denrusak.
– 09 –
Patih
Burungkrendha aglis, amampak maring payudan, angintaraken balane, ya ta
dadya ingkang perang, bala ayun-ayunan, wus pinten ing laminipun, genya
angrok bandawasa.
– 10 –
Long-linongan
akeh mati, adan bala Pajajaran, kundur kapereg lagane, kadya ta bala
wanara, kabareg dening buta, pating burisat lumayu, kapereg ing bala
buta.
– 11 –
Patih
Burungkrendha mijil, ing gelar angudi lawan, bala sabrang kondur kabeh,
ingamuk ing patih ika, kadya garudha meta, nalampek naladhung nucuk,
nyoker musuh padha bubar.
– 12 –
Adan
lakining Calingcing, kang nama Betyawelara, mapagaken pangamuke, Patih
Krendha wus den jragang, kuwel amagelutan, jejeg-jinejeg apalu, pinalu
balang-binalang.
– 13 –
Angentongaken
tanagi, genya ajojo brawasa, pirang-pirang dina gone, tarung nuli ana
ingkang, asore Betyawelara, den thothol jajantungipun, katarik ming
jaba pejah.
– 14 –
Betyawelara
wus mati, ngajejar kang angga murca, pareng katingal pejahe,
Betyawelara denira, ki Patih Burungkrendha, adan mara sepuhipun, kan
nana kakarawan.
– 15 –
Andik
muntab ambeledig, maring ki Patih punika, dipun jambak jambule, Patih
Burung wus anglenggak, kataring ing rawana, den idek jalune iku, Patih
Krendha gulu pegat.
– 16 –
Kang
endhas sigra tumuli, den balangaken alepas, muluk mesat dan tibane,
ngayunan Ciyungwanara, kaget sang nata wendra, ningali endhasing
Burung, baledug ing ngarsa nata.
– 17 –
Ciyungwanara
angarti, den kapepes ing ngalaga, adan pratignya wiyange, sagarwa
sakulawarga, ngili ngidul miruda, ngingisik sagara kidul, apaladara
susupan.
– 18 –
Sarya
sira anglalari, wareng nata ingkang nama, Susuktunggal re sajege,
Talibarat ora nana, Parwatali muwah ingkang, Gelapnyawang
Gelapsenggreng, Gelapsangyang iya tunggal.
– 19 –
Ing
praja akeh kang wani, lan sakehe kabuyutan, dadi padha cama kabeh,
padha asirna guriyang, puruge wareng sang Susuk, munggwaika pinanggiha.
– 20 –
Yen
pinanggih Sususktunggal, kangtu tinemu sadaya, pancalima sadhapure,
mamane Ciyungwanara, milane analasak, esmu rada kaduhung, anitah ing
pancalima.
– 21 –
Angemonga
Susuktunggil, tan kawarna kang susupan, kocap ika sang katong, Prabu
Wastu Pajajaran, kadhesek ing prawira, kadhesk denira jemur, den kepung
wakul kodagan.
– 22 –
Wong
Kaka Rawana wani, mrepegi pura nata, prajurit pakuwan saseg, bubar
larut kumagilan, lelewaning wog Tulang, najis kangginawe punglu,
camedhar lan tahi jalma.
– 23 –
Siniratan
uyuh anjing, cocoratan atawa pongpa, lir udan deres tibane, ya ta wong
dhatulaya, Prabu Wastu sagarwa, sadaya pan sami larut, bubar lorode
mengetan.
– 24 –
Dewi
Calingcing tan kari, binakta dhateng kang raka, sigra andarung lampahe,
Prabu Wastu ika sarya, anyangking sada lanang, ngentep ngetan sigra
rawuh, ing pinggir Sangyang Talaga.
– 25 –
Kang
gamilang-gilang wening, dinamai Cahierang, adan sineblak toyane, lawan
ingkang sada lanang, banyu sigra dumadya, jagat buwana kadulu, kang
sejen sing jagat dharat.
– 26 –
Prabu
Wastu karo rabi, nyi Calingcing muwah bala, warga sakabeh kang dherek,
padha nang dhasar talaga, iku sadayanira, adadalem ing jro banyu,
sabata lawan sileman.
PUPUH XXX
M I J I L
– 01 –
Kang
na dharat datan bisa uning, ing jagating kono, ya wis dadi kaya merad
bae, sabab uwise ora balik maning, lan ora kapanggih, lan ora na kang
weruh.
– 02 –
Ya
Sang Prabu wus sirna alalis, dupi sri kadhaton, wus jinabel dening
musuhe, Kaka Rawana angadeg aji, ing Pakuwan nami, iki pan jumeneng
ratu.
– 03 –
Ya
Sang Prabu Kaka Rawana nami, paneleng ing katong, pan jumeneng Prabu
Karadhatang nengge, ora nana wani mantari, ing sa Sundha sami, sadaya
anungkul.
– 04 –
Anut
maring prabu anyar mangkin, Prabu Tulangtogmol, pugas brangas ala
atine, tan kagungan basarang-saring, yen karsane mangkin, tan kena
sinundhul.
– 05 –
Yen
wus karep kaya lare alit, kudu bae dados, ora kena den semayanane,
datan kena sinundhul aturaning, bener luput mesthi, tan kena winurung.
– 06 –
Ingkang
denkait budi ngarani, doyan main mabok, la yen mabok dadi kamungguhane,
tor-toran anginum sopi, dadi amuwuhi, keras akalipun.
– 07 –
Demen
mapan ingkang yoni-yoni, candhi-candhi entong, akrh gempur kapur atine,
kabuyutan tapakaning wasi, akeh den padhangi, ingkang singub-singub.
– 08 –
Ya
Sang Prabu Kaka radha bang madhig-dhig, sajamaneng kono, wong Tulang
Minadho enggene, arubungan ing Sundha negari, padha atut buni, ing
pagusten isun.
– 09 –
Pareng
angsal windu lami, kawarnaa sang katong, Ciyungwanara ngilari warenge,
ya angluru ing tasik pasisir, kang pinuja timbul malih, angrebat
warisipun.
– 10 –
Kang
samangko kang kacekel maring ratu anyar othon, Raden Susuk ingkang
sayaktos, pan den jejep ing tingal dhemit, marono ambuneki,
Ciyungwanara ngidul.
– 11 –
Ana
ganda ingkang samariwing, saliwer marono, Talibarat lan Parwataline,
pan ya iku tetengering Sususktunggal, swara kang tan pangling,
Gelapnyawang Gelaptanjung.
– 12 –
Gelapnyenggreng
dadya ika sang aji, Ciyungwanara gatos, ngidul ngingisik jaladri
pinggire, sarya ngobong ukup mangkin, ing pinggir kikisik, ager
sagalugu.
– 13 –
Pan
kumutug ing ngarsane aji, ing watukiliyong, Prabu Ciyung pan kukudhung
putih reke, belenging manah ora nakali, kang wareng den puji, awan
benginipun.
– 14 –
Angembaa
ratua tumuli, tan suwe agantos, Talibarat Parwatali praptane, lan
galudhug saya seru swaraning, Gelapnyawang Gelapsangyang sami,
Gelapnyenggreng karungu.
– 15 –
Ngener
cipta tan ana kakalih, panter pamandheng ingong, kan den esthi
kuwareng, meeng wareng Raden Susuktunggal, kang dadi raosing ati, gelis
amora wong iku.
– 16 –
Aja
lunta awor lan gelis, krana ingsun dan raton, kang ngimponi sapalayake,
lan sumadi si wong kang duweni, dudu turuning waris, ing sadanguning
nedhu.
– 17 –
Kawarnaa
kang aneng dalem dherit, Raden Susuk mangko, kala iku mambu ukup
gandane, ngendhel ora mari-mari, angabdi tanpa uwis, raden denya
sewot-ewot.
– 18 –
Manah
pikir karsa padhaning jalmi, manah kadya rontog, kudu eling ing jagat
maune, dadya pamitan tumuli, wau waheng garwaneki, isup arep titilik
ibu.
– 19 –
Mubya
ya larang amangsuli aris, ya sok aja lali maringong, krana kula pan
lagya abobot, benggi pareng si jabang dumadi, lahir jabang bayi, aja
ora ing takut.
– 20 –
Krana
ingkang kang uwis lumari, wong lanang tinggal wadon, tinggal rabi
meteng tambu besuke, pareng lahir takon bapa tumuli, bawaning wong wis
mukti, tan ngaku olihipun.
– 21 –
Ta
kang uku panjaluk isun iki, raden nabda tan samono, ya manawa ora
lali-lali bae, den pracaya kranane iku nini, teka upama benjing, yen
cidra awuwus.
– 22 –
Ingkang
ujar isun kang sayakti, munggwa amlesa katengong, aja timbul iku ing
dadine, sumpah isun kang satuhuning, ya ta mutwa larang asri, suka
manah ipun.
– 23 –
Agles
Raden Susuktunggal pamit, ing mratuwa nembah panor, nyai Gedheng
Rarasiluman nabdane, ika mapan wus anglilani, mung pohon rabi, aja
lawas ya ki mantu.
– 24 –
Ya
yen eling maring ngalelek rabi, apa maning maring ngong, Raden Susuk
anembah adan linge, sandika karsa jeng ibu apti, pamuji-puji jati,
tulus lampah wangsul.
– 25 –
Ingalingan
dening ingkang gaib iki, pancalima ting pancorni, Gelapnyawang tan udan
tekane, galudhug grantang widi narpati, Gelapsangyang nyuwong warih,
Gelapnyenggreng badhengel wijung.
– 26 –
Parwatali
ulur-ulur apti, Talibarat kang ngramon, lampahipun Susuktunggal nengge,
medal saking kayanganneki, angambah karang kisik, ora na liyan kadulu.
– 27 –
Ingkang
eyang Ciyungwanara aji, ingkang sumedi kono, Raden Susuk wus awas
tingale, atatanya ya iku maring, Gelapnyawang la iku kaki, iku sapa
kang kukudhung.
– 28 –
Nyandhing
ukup sarta asamedi, Gelapnyawang tinon, yaktose Pajajaran punika
prajane, luhur kita punika sang aji, Ciyungwanara pinundhi, tulung
sadarganing kalbu.
– 29 –
Inggih
payu kita pedheki, ya ta gugu panor, asowara dan sang nata manhe,
rena-rena ningali kulebating, kang wareng medheki, ….ian anuli
rinangkul.
– 30 –
Angandika
subagja ta kaki, sira kang sun seja panon, kang sun ucap ing adi
panewune, pan ya sira age-age ngambil, kraton Pakuaji, agemen ing
wareng isun.
PUPUH XXXI
D U R M A
– 01 –
Ramanira
Prabu wastu wus kokalan sirna alalu lalis, merad sejen alam, purane den
wasesa, dening nelendra serani, ambeg nakoda, Prabu Kakaratandhi.
– 02 –
Ya
wus ilang palakarta ratu Sundha, kaganti budi srani, sakeh kang
malumah, dadi kumureb rebah, kang mangko dadi, padha malumah, estu
basmi negari.
– 03 –
Ya
kaduga manira apaladara, jawane sun anyingkir, kumanyang nganingwang,
pinanggih lawan sira, sayogya sira kang mangkin, ngrebut nagara,
pusakane kang dhingin.
– 04 –
Pareng
sira Prabu Sepuh angandika, Raden Susuk matur inggih, minanten barkah
eyang, sigra mangkat padha, amedheki kang nagari, praja Pakuwan, padha
mayan dumadi.
– 05 –
Datan
apa menenge galudhug obah, lindhu rat lir ginongjing, sadina ping
sanga, mayeng ing sabandina, sabenbengi wanti-wanti, galudug ing arga,
sabandina nguneni.
– 06 –
Ing
jro gunung gumledhug jumegur obah, lor kidul ganti muni, akeh gunung
kobar, maludhaging walirang, ulur-ulur nganan ngering, akeh kang rebah,
basmi kaosak-asik.
– 07 –
Kasusulan
datan mendha gelap ngampar, ingkang pating sariwik, akeh padha rusak,
kang sinamber dening gelap, Prabu Rawana age ris, tumon so bawa,
gara-gara nempuh.
– 08 –
Ya
sang Prabu Kaka Rawana awiyang, ngili marang jagat lami, ge ris ing
sangara, gara-gara ing nagara, Pakuwan anggege risi, wong Tulangbawang,
bubar dhewek tan sudi.
– 09 –
Datan
sudi jeneg aneng Sundha layang, bubar buyung kang kari, wong Sundhane
kuna, jar jagate priyangga, gawoke para bupati, para gul menak, tumon
widagda aji.
– 10 –
Bumi
Sundha bisa nundhung kang anelang, tan susah den perangi, abubar
priyangga, wiyange saking Sundha, tan urusan bubar neki, wis tan
krasan, aneng Sundha negari.
– 11 –
Raden
Susuk iku angruru pusaka, ing rat Sundha nagri, tan lami punika, rawuhe
Susuktunggal, prabu sepuh kang angiring, anjaya-jaya, linggihe wareng
aji.
– 12 –
Inggistrenan
ngadeg Nata Pajajaran, katelahe sang aji, Prabu Susuktunggal, kasaksen
ing gul menak, padha sinuhuran dening, ketung kang swara, gumarang ing
sabumi.
– 13 –
Kang
nakseni ngadeg Ratu Pajajaran, kan nami Susuktunggil, sampun sinaroja,
ing adi kulawarga, Pajajaran jengger malih, kadi duk kuna, adat Sundha
negari.
– 14 –
Prabu
Ciyungwanara kang jaya-jaya, pinudhung ing sagunging, Talibarat nama,
Parwatali miwah, Gelapnyawang Gelapnyenggrang, lan Gelapsangyang,
ingkang padha angaugi.
– 15 –
Salinggihe
sang Prabu Susuktunggal, angsal panglima luwih, sasat sinung nama,
Patih Dhuyunglanangan, sugih kasekten lan bangkit, ing pagaweyan,
nginger kawula alit.
– 16 –
Sasamine
kaya Patih Gajahmada, kang aneng Majapahit, yen ing Pajajaran, kang
nama Dhuyunglanangan, ora nana kang mantari, sarwaning bisa, amarigel
ing nagari.
– 17 –
Emban-emban
sang ratu kang nama, kang dadi sorog wedhi, ya iku kang nama,Ki
Tumenggung Ulungdaya, kang sagawe ngratajani, murwa pakaryan, ambeciki
ing nagari.
– 18 –
Pajaksane
duk samono kademangan, Demang Cimancurluwi, akeh akalnya, pamagutan
pradata, ora kewuhan ing udi, dados pakeca, ing manah sri bupati.
– 19 –
Lan
kang nama ki Ngabehi Sujimara, ingkang jaba negari, kang langlang
buwana, anulak bala wita, kapracaya ing sang aji, sakalir karya, kang
dadya mikenaki.
– 20 –
Prabu
Susuk waktu duk sakala samana, sanak medhoke sami, iku dalem ingkang,
ing Sindhangkasih praja, sang maha dalem japati, kang kinawratan,
dening prabu Susuktunggal.
– 21 –
Kumarasan
ing Sindhangkasih praja, karanane sang aji, wus angsal supna, yen
gadhange ing benjang, ing kono enggone lalis, purwane amerad, amblese
maring bumi.
– 22 –
Ya
ing bumi Sindhangkasih marmanira, anyawang-nyawang warni, malawat
katingal, lolomponganing jagat, kang aneng dhasaring bumi, sampung
kalawang, mula sang prabu ngarti.
– 23 –
Tya
iku enggon gadhang palincakan, enggenipun angalih, jagat kang babasan,
kewala pan ora pejah, salin nagara kang lantip, ingkang asirna, ingkang
mingkali kardi.
– 24 –
Pan
sawulan sapisan sang Susuktunggal, nginep ing Sindhangkasih, kawangun
pura nata, mangkana ing karsanira, ing wong sanak Sindhangkasih, nawang
susirna, bali dalem japati.
– 25 –
Dadya
suka ki dalem japati ika, rehing den kulinani, dening pamajikan, dening
rejanipun, kang cacangkok Sindhangkasih, kadya nagara, yen kalingihan
sang aji.
PUPUH XXXII
L A D R A N G
– 01 –
Pan kaloka Prabu Susuk nyakrawati, prameswara putri saking Sindhangkasih, ……………… paparab.
– 02 –
Garwa maning pula ……. raja Galuh nami, Kawularang …………… ing, Karanglopang kang nami nyi An ……….. hang.
– 03 –
Maha dewine pawestri sasl saking Sokapura, kang nama nyi Luwilingling, dewi mature asal saking Pasirpanjang.
– 04 –
Ingkang nami Dewi Simbarinten becik pinusthika, lilima saya lempuri, pan riniyang para ………………………………..
– 05 –
Ya wus apa kaya adat dewa aji, ya rinengga, ing sagenahe alinggih, pan riniyung ing para gegedhen sadaya.
– 06 –
Tan kawarna enggene amukti sari atahunan, kocapa garwa ing dhemit, ingkang wau tinilar tasik lamunan.
– 07 –
Mapan dewi Mutyalarang ang garbini, wus babar, putra jalu warna pekik, pinaparab Raden Anggalarang kwosa.
– 08 –
Wus aprajaka ika tatakon sunarmi winangsulan, bapanira iku aji, Susuktunggal kang mengkoni Pajajaran.
– 09 –
Anggalarang aturipun ibu amit sedya kula, amedheg ing rama aji, ara ngunjung ing rama dhateng Pakuwan.
– 10 –
Mutyalarang sabdane arum manis, isun melang, bok sira den pitambuni, nuli sira ing kana tan aku anak.
– 11 –
Nuli sira dentortalan baya pati, isun melang, denlara den pateni, katongsone isun welas maring sira.
– 12 –
Anggalarang atur sembah ibu inggih ananacak, inggih coba kentasa, ya dumadak yen boten ingaken ing nama.
– 13 –
Inggih saya jeng rama kula perangi, kang saingga, jemg rama angaken siwi, ainggih kula mantuni digdaya pancas.
– 14 –
Ya sang dewi Mutyalarang ngandika ris, mung ta sira, juwala apa wong siji, arep bedhah ing kuthaning Pajajran.
– 15 –
Mandadene den ucap kaya wong baring tangtu sira, ing kana den waskithani, kadya meres ujare kang amaskitha.
– 16 –
Raden Anggalarang ya matur boten sanggi, anggep kula, galethuk batu kacebur cai, bagja cilaka ya kantun punapa karsa.
– 17 –
Amung ibu pamujane kang sun pundhi, sarya wiyang, lampahe ngatut ing warih, buwal-buwal mijil sing dhasar jaladri.
– 18 –
Tunta ngambang dewa mambang kang angiring, jin prayangan, mara jabang Kaljurig, inton-inton memedi kanthung bragola.
– 19 –
Awor ombak anggebyug maring kikisik karang braja, angancik ingukir curi, pan anjeneng tan dangu siliran prapta.
– 20 –
Angin wayah sumilir ika dumugi Pajajaran, calengep kali riringgit, ngayune sang prabu Susuktunggal.
– 21 –
Sambat-sambant wonten pundi rama aji Susuktunggal, punika rama pribadi, kandikane si ibu yen tutur kandha.
– 22 –
Pramilane kawula sumeja ngapti ana labda, kamawula ing sudarmi, nunut aub ingaken putra sasmata.
– 23 –
Kapiyarsa denira wau sang Patih Dhuyunglanang, Anggalarang dipun tarik, dipun wasuh pinanjingaken panjara.
– 24 –
Anggalarang den surak bocah kangingsir sumantana, angaku putraning aji, gampang-gampang si monyet si tambewara.
– 25 –
Pinanjara watarane danguneki sapangedang, calengep ing ngarsa malih, samya geer la yen ana bocah setan.
– 26 –
Den panjara ya bisa muncul pribadi ora wruha, dewa mambang kang nguculi, jin prayangan kang gagandhi lampahira.
– 27 –
Kalajurig ingkang padha ngiring-ngiring adan tandang, Ki Tumemnggung Ulungangin, ya cinandhak Anggalarang wus pinala.
– 28 –
Den panjara maning kirane watawis sapangedang, calengep ing ngarsa aji, gegering wong Pajajaran kumangilan.
– 29 –
Lamon ika ya nyata bocah dhedhemit ora wruha, inton-inton kang nguculi, ya memedi bragola kang raksa-raksa.
– 30 –
Maha raja Bangbangan ingkang mayungi adan tandang, Demang Cimancur anarik, iku maring Anggalarang den galandhang.
– 31 –
Kira-kira iku maning sawatawis sapangedang, calengap ngarsa aji, surak ing wong Pajajaran nyata setan.
– 32 –
Ya siluman tasik kidul boluwarti ora wruha, Buyut Cai kang nguculi, Buyut Angin kang ngiring-ngiring kang ajaga.
– 33 –
Sangyang Limun kang tut buri amayungi mula arja, Anggalarang irus ing jati, Pajajaran padha tambuhing kang putra.
– 34 –
Panginane wong sadaya iku maring Anggalang, belis guguris nyaithis, pan luluthu bangsat ngaku anak raja.
– 35 –
Lamun tulus ingaku paniya dadi olih praja, atawa cacangkok siwi, iku nyata buktine ing paneluhan.
– 36 –
Ambalentuk anyolong ing si narpati mula ika, kudu kang awas ing dhemit, belis guris angibur-ibur ing praja.
– 37 –
Ya jaganen iku saolih-olih maring ratu, dhiri pagusten narpati, aja padha den ganggangi iku bocah.
PUPUH XXXIII
P U C U N G
– 01 –
Prabu Susuk wau pangandikanipun, he Dhuyunglanang, obongen la iku lare, yen tan geseng ya iku ta anak ingwang.
– 02 –
Ya ki Patih sigra tumandang agupuh, amariyat karya, tumanganing geni gedhe, wusing dadi Anggalarang den sangsara.
– 03 –
Pan rinate wesi pinanthokan kukuh, papathoke tosan, ing sajroning geni gedhe, pan darapon aja bisa lunga-lunga.
– 04 –
Kang tumangan denesep kalawan eduh, siniraman lenga, denepri darapon menter, den sinulud kang geni ya wus maludag.
– 05 –
Purubipun pan ora kalawan kayu, ana ing tampingan, ing Gunung Galungung genahe, wanter munjuk urub kadi angambara.
– 06 –
Sapangedang langkung pagedering urub, surak wong Pakuwan, Anggalarang den samangke, pan wus dadi awu aneng jro dahana.
– 07 –
Ora suwe kaligane iku muncul, nalengep ngayunan, anjum andhingkul padane, matur nembah amalampah den akuwa.
– 08 –
Den akuwa piyambake raja sunu, Prabu Susuktunggal, kandikane iya mengko, pisan maning iku ing panacak ingwang.
– 09 –
He Tumenggung Ulungdhaya dene gupuh, iki Anggalarang, kawurana ing angin gedhe, la den ora kawur nyata anak ingwang.
– 10 –
Ki Tumenggung asigra tandang agupuh, gawe lalayangan, kagila-gila gedhene, patang puluh pasagi sampun prayatna.
– 11 –
Tataline jenget ing sambadanipun, ya ta wus sadiya, Ki Tumenggung sakancane, ambeneri angin ngulon santer pisan.
– 12 –
Anggalarang wus den baleni akukuh, ana ing lalanang, ing layangan wus rinekep, nuli sira lalayangan pan den ajar.
– 13 –
Keplas munjuk lalayangan munjuk dhuwur, ika Anggalarang, munjuk kagawang abure, duga silep cat katon ya cat ora.
– 14 –
Wus ing menit ngadeg saka dipun dudut, den culaken enggal, kawur mumbule mengulon, kethip-kethip kagawa dening siliran.
– 15 –
Duga ngulon watara ngungkuli laut, ing gagaranira, ana ing sagara kulon, surake wong Pakuwan yen Anggalarang.
– 16 –
Ya wus ilang tuture kagawa abur, ingkang lalayangan, wus ora kawruhan tibane, ya taksire kaya nyabrang pulo liyan.
– 17 –
Pan sing ngendi bisane awangsul iku, bahi nate lepas, ora karawuhan ruruhe, iku bareng sapangedang nuli prapta.
– 18 –
Anggalarang calengkep wus aneng ngayun, nanging Susuktunggal, wus anembah ing ramane, iki bocah tegane ya sira delap.
– 19 –
Lawan mengko pisan maning panacakipun, sandhangen denira, pandadara isun gedhe, Kyai Demang Cimancur la iki bocah.
– 20 –
La ukumen ing kali manengteng iku, petilasan kuna, Cisanggarung kayaktene, pan dumadak ora mati kalem boya.
– 21 –
Tya tangtu sun aku anak dening sun, iya Demang Tandang, Anggalarang wus den rante, pan ginawa ngetan binuwang ing toya.
– 22 –
Aneng banyu den bandhuli kalawan watu, sakebo ya rapona, aja bisa kambang mangka, Anggalarang wus silep kalem ing toya.
– 23 –
Sarta sira den susuli maning watu, ingkang salulumpang, sakebo tuwin sagudel, kang salumbung darapon angurugana.
– 24 –
Aja bisa timbul kang den ekum mau, nyatane ki Demang, kaya ora pindho gawe, laksanane gawene ngemban timbalan.
– 25 –
Ya sabedhug salingsir ora na timbul, den nyana wus sirna, adan den tinggal wangsule, dhateng gusti Pajajaran tur uninga.
– 26 –
Wus laksana pakaryane la ta iku, masih anang marga, ing Pajajaran ya tegane, Anggalarang wis katemu ing ngayunan.
– 27 –
Wus anembah ana ngayunan sang prabu, Susuktunggal nabda, ya pugas delap si monyet, Angabehi Sujimara kari sira.
– 28 –
Iku bocah pendhemen kang jro asiluk, aneng tegal uwar, kang yatna angurugane, kang dumadak bisa balik ing Pakuwan.
– 29 –
Nadya isun aku anak bocah iku, ya ta kang dinukang, ngabehi gupuh tandange, pan tinarik Anggalarang den galadhag.
– 30 –
Pan ginawa maring tegal uwar iku, den pendhem watara, patang puluh dhepa jrone, den urugi tai besi pandhe dhomas.
– 31 –
Ya den tetel pinaseg gen ira ngurug, ing panyananira, ki Ngabehi Cukimire, pisan iki sira sida pendhem jarat.
– 32 –
Pareng lawan laksanane gawe isun, jalayat si setan, lumpur ludhes dilolocok, ki ngabehi wangsule asuka rena.
– 33 –
Ora matur ing pagustene sang prabu aneng Pajajaran, dupi dugi ing ngarsane, Anggalarang wus talangep aneng ngarsa.
– 34 –
Kaligane wus nembah arsa sang prabu, ika ingkang dadya, anggawoke wong saraje, mung ta iki bocah calonos binatang.
– 35 –
Tai olih si anjingsi kenang kutuk, sampun warna-warna, panyobaning ratu gedhe, wis kalesan panyobaning prabu nata.
PUPUH XXXIV
S I N O M
– 01 –
Warnanen,
sang Anggalarang, ing Pakuwan den sakiti, den panahi datan kena, den
bandhemi den bedhili, ajarujus medal warih, datan bisa ambeledhug,
tombak keris lemes kadaya, gulalitan miyatani, ya pinenthung tinabok
kejeng kang tangan.
– 02 –
Jinejeg
sikile akas, jejegeng tan kangkat tangi, cinakot kaku kang uwang,
mangap lir cinengkal wesi, unine ha ha ho ho, rarasan lan bisa metu,
kena waliting Galarang, ika pancalima sami, asakabehe datan guna
Gelapnyawang.
– 03 –
Mimpes
pisan datan bisa, Prawatali datan bangkit, tan bisa ulur-ulura,
Talibarat tedhu sami, ora bisa ambabari, Gelapsangyang Gelapnyenggreng,
ora bisa amikara,padha mepes ingkang sakti, sa cep ana Anggalarang ing
Pakuwan.
– 04 –
Anyirnakaken
guriyang, Pajajaran padha sami, ilang pangaruhing nata, apes dening
sang apekik, datan sang Susuktunggal, samana samangkenipun, kami sosote
kang rana, dhumateng wau sang pekik, den cinandhak Anggalarang dipun
angkat.
– 05 –
Ing
karsanipun sang nata, binalangaken tumuli, ora kaya awratira, tan
kajung\jung ing asakti, karengkeng-rengkeng tan kapti, ya tan bedhol
saking lungguh, ya ta Prabu Susuktunggal, hem ngandika sira iki, awak
ira anteb temen tuduhena.
– 06 –
Yen
saestu sira nyata, teges lamon anak mami, yen saestu anak ingwang,
kuwat anjunjung mami, asun kalangean agelis, ing sakarep ira iku, yen
sira bisa balang, ngaken maring raga mami, iya nyata tegese ku anak
iwang.
– 07 –
Denisun
wis sira buwang, karaton sira duweni, dening sira wis pracaya, dadiya
gegenti aji, angreha Pakuaji, Anggalarang sigra junjung, wau dhateng
Susuktunggal, kaangkat sayengan mangkin, pan gegetun wong kathah padha
tumingal.
– 08 –
Teganira
Anggalarang, angangkat dhateng sang Aji, den balangaken ning pura,
Susuktunggal wirang isin, lingsem maring kang rayi, Prameswari duk
andulu, kagume kang laki tiba, nyata kabuntal ing weri, nyata iku
binuntal ing Anggalaran.
– 09 –
Ya
ta iki prameswari, komalanten sabdaneki, ya wis payu padha pulang,
maring kahiyangan mami, ing Sindhangkasiningid, anglipuraken ing kalbu,
aja adadawa lara, sengkel ing manah tan sipi, wus riringkes sang nata
lan para garwa.
– 10 –
Miyos
saking boborotan, mengetan puruge ngili, Sindhangkasih kang sinedya,
gegere wong dalem puri, kelangan majikan neki, wong sadaya ting
balulung, waneh ingkang atur uninga, maring wareng prabu aji, enggal
prapta Prabu Sepuh aneng kana.
– 11 –
Dan
Patih Dhuyunglanangan, lan Tumenggung Ulungdhayi, samiyar tur kandha
wara, lilingseme ing marmaning, dening Anggalarang gusti, ya ta
Anggalang iku, ingandikan pinariksa, ing ngarsa Ciyung sang aji,
aturipun pon kula punika putra.
– 12 –
Ya
sang Prabu Susuktunggal, patutan Mutyalarang dewi, saking kaputren
siluman, si rama kula pedheki, tan den sapakula iki, den lalara
tumangan, ingobong jasad puniki, den janjeni nyata anak lanon gesang.
– 13 –
Ing
wesana kula delap, boten geseng dhateng api, inggih lajeng kanjeng
rama, boten ngaken dhalem mami, kulu nunten tinaleni, ing lalayangan
puniku, dipun aburaken enggal, kalintang denira menit, den janjeni la
yen nyata anak nata.
– 14 –
Ing
wasana kula teka, ing ngayunan rama aji, inggih boten ingaken kula,
nunten kentas malih, kinen ngekum ing warih, Cimenengteng pan
binandhul, layan sela samahesa, inggih pon jinanjen malih,la yen nyata
anak ingwang bisa teka.
– 15 –
Ing
wasana kula teka, inggih maksih tan ngakeni, nunten kentas kawula,
dipun pendhem lebet bumi, gih makaten ugi, jinanjenan la yen nyata
metu, sanyata anank ingwang, yen wis amuncul maning, ing wasana inggih
kanyata.
– 16 –
Anak
ingwang bisa teka, ing wasana kula prapti, inggih maksih tan ngakena,
ing si rama linggih aji, kelupun cidra maring, wekasane ngajak cucu,
janjine dhateng kula, bisa balangaken mami, ngaken isun ya sanyata ya
anak ingwang.
– 17 –
Inggih
si wantu kahula, amalar dipun akeni, inggih kantos kula balang, wau
dhateng kanya puri, drapon sampun lingsem neki, sapamanggih kula iki,
minanten leres kawula, Prabu Sepuh ngandika ris, kerpek jantung iya iku
bener sira.
– 18 –
Mangsa
bodhoa kang guriyang, angriyung ing sireki, bapanira ingkang salah,
gawe lingsem pribadi, ing temahe saiki, anglolos kalaning dalu, popolos
amiruda, wong atuwanira gusti, iya iku pangidhepe ing wong apa.
PUPUH XXXV
L A D R A N G
– 01 –
Pradenane semono payu saiki padha kita, susul iku bapanira, maring etan manawa kita rerempah.
– 02 –
Nulya mangkat prabu sepuh lampah neki kalih sira, Anggalarang mapan sami, samya sira kulawadya Pajajaran.
– 03 –
Ora kaya Prabu Susuktunggal nuli genya salah, pan den udhag sengit, ika dadi Susuktunggal artinira.
– 04 –
Dadya sira Susuktunggal ika dadi kali marwa, ambles ing dhasaring siti, ing jajahan Sindhangkasih nukmanira.
– 05 –
Malah katon ing tingale prabu wanara lang Anggalarang, langkung gegetun ing kapti, ora kena untunge ku bapanira.
– 06 –
Ya ta Prabu Ciyungwanara abalik sarta ika, Anggalarang wus den asri, susuluring kang rama ingkang wus sirna.
– 07 –
Pan sinebur Prabu Anggalarang sangti ingauban, Talibarat Parwatali, Gelapnyengreng Gelapnyawang Gelaperang.
– 08 –
Panjinaga dewa mambang apa maning jin prayangan, kang memedi lan bragola, banaspati inton jurig lan kemangmang.
– 09 –
Anggalarang pan riniyung ing saliring, kang ing tawang, teluh braja lintang ngalih, layung abrit tapak angin lan gelapan.
– 10 –
La kul manuk ingkang bisa tata jalmi samnya ngabdi, anut ing titihing aji, amuwuhi Anggalarang arjanira.
– 11 –
Genya nyakra sumulur madeg dewaji wus koncora, menak pra kuwu nyungkemi, ing karsana sang prabu ing Pajajaran.
– 12 –
Waktu iki ingkang jumeneng papatih winastan, kyana Patih Bentanglompang, kadadiyane lintang karti iya ika.
– 13 –
Pramilane lintang karti cong keng siji iya ika, ing sang maha wruhing naya, dadi patih langkung saking wicaksana.
– 14 –
Tumenggung ika ingkang den arani namanira, Ki Tumenggung Paracutan, nyananing sakuling kalulawadya.
– 15 –
Mula nama paracutan iku dening angracuti jiwqaraga, nalangkep jalmi, ingkang nyawa pan dadi pejah.
– 16 –
Sagedhangan apayuyune wong mati nanging ika, yen wis den uculaken maning, ya janggelek urip maning ingkang kalma.
– 17 –
Waktu iku demange kang winuwuri kaki demang, Gurumuruh namanira, saktinira nyentak jalmi kalenger padha.
– 18 –
Yen anggerem ngoregaken ing sabumi kaya obah, kadya panggereming macan sami, ngabehine Sindhanganjen namanira.
– 19 –
Pan wus jengger sabawa Sundha negari aprakasa, prabu sampun mengku Prameswari, ingkang putra Sunan Jumanjang kang nama.
– 20 –
Ni Ratu Gumiwanglayaran Sari, mangka ingkang, pinangka iku ing kana, asal Baturuyuk ingkang miyosaken putra.
– 21 –
Pucuk gumun sepuhi ya ingkang nami, kang besuke puputra, nama Anggalarang malih, pan kasebut Raden Anggalarang mudha.
– 22 –
Mangka nuli kang minangka rabine aji duk samana, kaputran saking Jepura, ingkang nami Wotsari aputra Yang Maduraksa.
– 23 –
Iya iku kang ajatu krama maring Sangyang Citra, ratu Sekar ing tanpa omas, miyosi siwi sanunggal Raden Kalipa.
– 24 –
Iya iku kang alinggi aneng suci dupi ingkang, satunggale malih nama, Raden Sinom kang alinggih Salagedhang.
– 25 –
Raden Sinom iya iku amurtrani kang sinebut, guru mindha Mantrisari, mangka nuli Mantrisari apuputra.
– 26 –
Ingkang nama sanghyang Widaya kang sakti, Yang Widaya, ika nuli amutrani, Sanghyang Tubu kang linggih Sokawiyana.
– 27 –
Dupi iku kang kaaken maha dewi iya ika, pawestri kasing timbangan, ingkang nama Dewi Mayengan jeneng ira.
– 28 –
Kang den sedhep ing ayunan sri bupati Anggalarang,dupi garwa marujune, istri saking pasirmilir iya ika.
– 29 –
Wawangine Ni Erangtungtang kang nami iya ika, kang dadya dewi mature, Sundha puri sarta selir walung dasa.
PUPUH XXXVI
DHANDHANGGULA
– 01 –
Pan
sinigeg Anggalarang mangkin, wustahunan windon mengku raja, ing
Pajajaran anengge, cacangkok pra kuwu, tetes kali Cilutung maring,
Cipali ya ika, ingkang dipun rengkuh, dening Prabu Anggalarang, dupi
saking Cilutung ngulon pan maksih, kaapti Ciyungwanara.
– 02 –
Lami-lami
danguning ngaurip, kudu bae ana kasandhungan, ya iku ing sajenenge,
Sunan Talagamanggung, ingkang putra jati kakalih, kang kasebut nama
nipun kang karuru, kyan Sukmaantalirasa, kang kang atma Jayanglangkara
sakti, kang darbe manah ngungak.
– 03 –
Seja
ngaru ingkang linggij aji, ing sagunging sesa Anggalarang, teka den
rumpaki kabeh, estu megat kukuncung, arep wangun lingsem ing aji, yen
den prasila mangpang, akeh panglimagung, kang padha sirikokalan, tanpa
dadi kalilip luguting aji, Anggalarang songkawa.
– 04 –
Edir-kadiran
panantang weri, atmaja ya Lengkaraganal, basa jahata kerwanthen, iya
isun ingkang estu, ing saiki seja ngadoni, saktining Anggalarang, sing
akasor lampus, sing ameneng dadi raja, amponi buwana Sundha negari, la
payu katogena.
– 05 –
Ya
ki Patih Bentanglopang agasik, mepeg gaman Pajajaran, surupe ing
kasakten, den katogaken sagung, pan bunihan akeh amijil, bulus putih
angabar, ing awang-awang trus, img bumi anyaangkal obah, Raden
Jayalengkara ya tan giris, dadya ngembat sarotama.
– 06 –
Sanjatane
sapujagat nempeki, maring Lintang tiba padha silak, padha balik ing
parnahe, lan nama tiba ipun, Patih Bentang gegetun kapti, popoyan
maring rewang, ika ki Tumenggung, Paracutan kocap bisa, analangkup
nyawaning wang dadi mati, la ika pinritandang.
– 07 –
Ki
Tumenggung atandang madhidhig, sja nyuwuk atmaja Yang Tengkara,
tinarempang den jarage, den jaragang cinawuk, Jayalengkara nyawa
katarik, ragane wus galudhag, iya kaya lampus, ora kaya atma ingkang,
kagem ngasta anyokot ilur ula mandi, Ki Tumenggung apejah.
– 08 –
Pan
ageger wadya Pajajaran sami, Ki Tumenggung pejah kapisanan, den gigit
dening musuhe, Tumenggung wus lampus, Atmajaya balik maning, ragane
dadi gesang, urip kaya wau, nuli kulawarganira, Ki Tumenggung kabeh
padha anangis, nedha den gesangena.
– 09 –
Sasambate
lamon mangke urip, pan sumedya angabdi kahula, dhateng sampeyan
sakabeh, Atmajaya agupuh, aglis sira andamu maring, cunguring
Paracutan, kinepus dinamu, kempis-kempis kulimes sang Tumenggung
ababalik sira ngabdi, maring sang Atmajaya.
– 10 –
Pan
ya iku marganing angabdi, Menak Panumping kabeh kaparentah, dening
Atmajaya kabeh, Tumenggunge kangracut, wadya bala Sundha negari, den
adhepaken muka, ing pangabdinipun, maring Jayanglengkara aji, kari
saubing payungika.
– 11 –
ora
nyana kang kawula lit, Atmajaya adan ika ngangkat, maring sarirane
dhewek, wus angadeg sang ratu, ing Talaga kang den jeneki, Tumenggung
Paracutan, ing emban-embanipun, Atmajaya wus kaloka, Susuhanan Talaga
mengku nagari, anyakra bawana Sundha.
– 12 –
Suuding
bala kagiri-giri, wau dhateng sang Prabu Jaya, atilar Anggalarang, sing
amaneni jemur, singa ingkang tan anut ing titi, ning Atmajaya dadya,
tinumpes den tempur, mula padha kamawula, maring Atmajaya padha
gumusti, tabuh maring Anggalarang.
– 13 –
Lawas-lawas
ika sang apati, Bentanglompang saja amakaya, welas maring Anggalarang,
seja malesaken iku, saolih-oliha merangi, maring sang Atmajaya,
sejanira ngrebut, ing sesane Anggalang, sigra ngalurug kang bala
mungkari sathithik, wadya sajroning pura.
– 14 –
Dupi
wadya bala dhateng jawi, ingkang kathah wus padha kapurba, dening
Atmajaya kabeh, pramila [atihipun, Bentanglopang karsa nglepasi,
sanjata garantangan, lumepas anuju arah anglebur Ta;aga, kadi gunung
gelap marab-marab geni, kadya ra ngobar jagat.
– 15 –
Wong
Talaga kathah padha nangis, panyanane sakabeh kabakar, dening gelap
maludage, datan antara dangu, gelap talaga ika mijil, kang warna kadi
gegelang, pirang-pirang ewu, amapag maring garantang, sirna purna geni
garantang alalis.
PUPUH XXXVII
P A N G K U R
– 01 –
Atandang
Jayanglekara, menthang sanjata topan sira aglis, Bentanglompang geblas
kawur, pulih angsal pinangka, dadi maning lintang kerti iya iku, surake
bala Talaga, tumon gustine asakti.
– 02 –
Kantun
Prabu Anggalarang, jelag subita babanting arti, medal sira kapisemu, he
Atmajaya iya, iki isun wis pepes ya aja tanggung, sira kukuru alawas,
alung babrena lalis.
– 03 –
Aja
dawa-dawa wirang, atmajaya anabda iya becik, tampanan iya iku, sanjata
aliwawar, kang nyawargakaken ing sira satuhu, duk lagi nabda samana,
Anggalarng angandhingini.
– 04 –
Animbulaken
ing toya, mubal malah tanpa tanpa sangkan mijil, kadak siking Cikeru,
kaligane ambuwal, gumaludhug tanpa krana wetunipun, anggigilani kang
toya, dhuwur pamumbaling warih.
– 05 –
Kadi
ta lir gunung toya, wong Talaga akeh padha anangis, nyana den kelem ing
banyu, ing wau wurung den obar, sida iki den keleme dening banyu, dan
tandang Jayanglengkara, den lepas si sanjata angin.
– 06 –
Aliwawar
wus lumarap, anarajang banyu asat pan tumuli, kaingsep ing sira lisus,
luntanira narajang, Anggalarang katarajang nulya kawur, merad maring
ngalam lintang, awiyang alalu lalis.
– 08 –
Amung
Prameswari nira, ingkang nami jeng dewi, Ratugumilang lumayu, sumhati
ararangkangan, muni ngowe-ngowe lir kebo limayu, krana mengkele kang
napas, mulane muni lir mundhing.
– 09 –
Apa
maning lagi wawrat, sangang wulan menga-menggeh lumari, niba tangi seja
njujug, mring Prabu Ciyungwanara, langkung payah ical ing samangeripun,
sigegen kang pala dara, warnanen kang Jaya ngancik.
– 10 –
Susuhunan
ing Talaga, malah kalampah Jaya ika saking, turunan jeng Prabu Galuh,
pramila nelang bagja, dadya ika pancalima pandha cenguk, tan bisa
aningalana, bala wita ingkang iki.
– 11 –
Dadya
tan bisa tulunga, wau dhateng Anggalarang sab gaib, Talibarat datan
weruh, Parwatali tan mulat, Gelapnyawang sadhapure datan weruh, pramila
sang Anggalarang, kapepes kaduga lalis.
– 12 –
wis
mangkana adating donya, la yen mungguh gagaman ingkang mandi, sote yen
jaba ning untung, yen ingkang wis tumeka, ing untunge endi ana sakti
punjul, wis kandel ing rampak kuna, kang sakt kang ora sakti.
– 13 –
Ta
ika baja daulat, Jayanglengkara suhunan ing cai, Caierang lungguh ratu,
olih nyelang marwasa, Jayanglengkara wis amiyosi sunu, jeng Dewi
Simbarkancana, ingkang mangke olih laki.
– 14 –
Ing
wong agung kahiyangan, pan rakaning Centangbarang ingkang nami,
Kenbalura jenengipun, putraning Rawagadha, Rawagadha putraning
Bentangmerngu, Bentangmerngu punika, kaputraning Bathara Pancarangin.
– 15 –
Lamining
ajatu krama, Simbarkancana nulya miyosi siwi, putra satriya pipitu, iya
iku kang nama, Teja Pramana ikipambarepipun, panggulune ika nama, ya ki
Teja Sokasari.
– 16 –
Nuli
Teja Ingaguna, nuli ika ngadheni nami, Ki Teja ing Ujung Lutung, tumuli
kang anaming satriya Ki Teja ing Payunhagung, lan Ki Teja Sangapriya,
lan Ki Teja Cintamanik.
– 17 –
Dupi
ika kang anama, Teja Sokasasri kang gadhang ing benjing, apuputri istri
ayu, ingkang nama punika, Ratu Pamratsari iku gadhange ing besuk,
gadhang jodhone sang putra, Silinwangi kang anami.
– 18 –
Mundingdalem
namaira, besuk rabi Ratu Pamratsari, aneng pungkuripun timbul, duk
mangko durung ana, masih nyatur andhing luluhuripun, ya ta Susunan
Talaga, kawarta wus sugih rabi.
– 19 –
Garwaning
Jayanglengkara, ana dhomas garwane amarinci, den parenca enggonipun,
sagenah-genah garwa, kanggo pranti kandheg kampir ing lalaku, yen kala
ngider buwana, dumadi amukti sira.
– 20 –
Karana
Jayanglengkara, ing sandhenge angratu tan langgeng linggih,
anjembaraken ngalenthung, remen alincak lincak, kamuktene ora bosen ing
alungguh, dhela-dhela sejen genah, dhela-dhela ngelih puri.
– 21 –
Ngadhaton
sagenah-genah, iyang-iyung pijer amurwa puri, sawula-wulan awangun,
alihan lincak-lincak, dadi anyar maning anyar datu, tan bosenaken ing
manah, duk pangidhepe sang aji.
– 22 –
Sang
Orabu Jayanglengkara, sugih garwa sagenah-genah mranti, kampir
angrantuning enu, denganemu garwa, pan mulane katela paparabipun,
suhunan sugih garwa, wus koncara tepis wiring.
PUPUH XXXVIII
S I N O M
– 01 –
Sigegen
suhunan Talaga, kang karoban ing wibawa mukti, kawarnaa kang miruda,
ratu Gumiwang lumari, ing ngayunan sang aji, Ciyungwanara jinujug,
praptane ing ngayunan, ngowe-ngowe kadi mundhing, ambekane mengkel
ngeden arenggosan.
– 02 –
Bari
rumangkang lumampah, anyungkemi ing padaning, Prabu Sepuh Ciyungwanara,
pon ika sampun angarti, yen Anggalarang lalis, rabine ingkang lumayu,
awedi diboyonga, dening Atmajaya sakti, ya ta pareng ing kana Ratna
Gumiwang.
– 0 3 –
Nuli
bae bebeleyan, angadenaken babayi, menggap-menggap ingkang napas, kadi
wong anglalu lamis, ngowe-ngowe lir mundhing, medal jabang bayi jalu,
abagus wuwarnanira, sang prabu sepuh sukati, udheg-udheg tiningalan
lanang pelag.
– 04 –
Suka
rena nalanira, udheg-udheg bapa kyai, iya sun arani sira, Jajaka
Mundhingkawati, karana biyangmu nuni, ngowe-ngowe elap isun, embok metu
maesa, legane bragojol jalmi, ya sun puja dadiya sulur nalendra.
– 05 –
Susulure
rama nira, Anggalarang kang wus lalis, nyi mantu udheg si jabang,
openana den abecik, ing rat prayangan mangkin, manawa dadi susulur, ing
rat prakuwu mangsa, bisa amangko pinuli, sabab uwis kajabel
Jayanglengkara.
– 06 –
Amung
manawa si jabang, ing benjang salamet urip, bisa angrebut pusaka, yen
nyata titise jati, mangsa wurunga abangkit, angruru pusakanipun,
telungane ing kita, sun srahaken maring sukmane si jabang.
– 07 –
Ratna
Gimiwang aturan, sandika ing mangkin aji, pan si jabang wus den asta,
dinelap lastari urip, dugi mraja kawarni, katempelan asmara lulut, akeh
wadon kang kedanan, padha buri ingithil, maring Wundhingkawati padha
kasmaran.
– 08 –
Estuning
raga asihan, linulutan ing pawestri, ingkang prawan kang wulanjar,
randha muwah duwe laki, padha kabadri-badri, kasmaran ing Mundhing iku,
aja-aja kang tumingal, salagine ingkang sami, ya angrungu abane padha
kasmaran.
– 09 –
Ingut-inguting
swaranira, konsi duga pitung bengi, kelingan bae ing swara, akeh istri
padha lali, ing wang tuwa maring laki, tut buri ing Mundhing gupuh,
padha pasrah jiwa raga, wus ilang kang wirang isin, edan bae kawenangan
ing wong liyan.
– 10 –
Malah
ika lampahira, Raden Mundhingkawati, angumbar akarsa nira, wong anom
amurang titi, Malangsumirang mambrih, ngambat ing praja pra kuwu, kang
padha rinungruman, anggepe Mundhingkawati, saprakara wadon kang teka
priyangga.
– 11 –
Padha
sungsung rebut ing sang, remening Mundhingkawati, padha sosoroh
gulingan, tan lawan den undang maning, Raden Mundhingkawati, mung
kinambadan ni Pasung, ing wadon sagulingan, singa-singa anekani,
linadenan akirda pan sadaya.
– 12 –
Akirada
pan sacombana, malah ika lami-lami, angambat maring garwa, garwane
Majayalengking, ingkang padha marinci, padedesan kang tumuwu yen den
lewa, maring sang Mundhingkawati, akeh garwane Jayanglengkara jinamah.
– 13 –
Yen
konangan ingkang jaga, padha sami sakarani, padha rinujak ing lawan,
Mundhinggkawati nadhahi, teguhan talikrami, kalesan ingkang murugul,
padha kondur kokalan, adate Mundhingkawati, sakeh wadon kempong perot
sok wadone.
– 14 –
Sakeh
wadon duwe ningwang, lara pati sun labuhi, jar murang niti rungruman,
malah yen kapandhak margi, lan garwane Jayalengking, kang lagi
tinandhu-tandhu, ginaregeg den iring-iring, prandene linorod binegal
marga.
– 15 –
Ginawa
ing pasenetan, prameswari den sanggani, yen wis sampurna abendra,
ingeculaken ing margi, pan samya kang ngiring bedhil, anumbak pan sami
nyuduk, tinadhahan kang braja, tan ana braja nitisi, esok bae angkohe
Mundhing Bathara.
– 16 –
Nanging
sun mangsa kandega, ambegal ingkang pawestri, sapa bae kang kapapag,
iya pasthi sun sundhepi, tan idhep garwa aji, Atmajaya musuhipun,
kamanyangan yen mendhaka, rabine si Jayalengking, pon ya iku kang
angembat tupaningwang.
– 17 –
Ya
ta garwa Atmajaya, kang ning padesan marinci, pan rinungruman sadaya,
sakabeh den dalajahi, datan kaliwat siji, Mundhingkawati kalangkung,
dening kaliwat gemetan, braja gemet ing pawestri, nyumur gumuling lang
angrong pusanakan.
– 18 –
Lara
pati dipun dhadha, isun ora anggingsiri, panebusing murang sarak, adate
Mundhingkawati, ora nana kang pinilih, padu wanodya ya iku, aburan
carampusan, sing awadon den cicipi, luwih liwat anglalanangi ing jagat.
PUPUH XXXIX
KINANTHI
– 01 –
Ya
wus dadi ara-uru, koncara angrurung sebi, karajahan Atmajaya, ya ta
dadi den lurugi dening bala ing Talaga, seja cinekel winingkis.
– 02 –
Kang
seja galethuk datu, seja den kacebur cai, ginawe ing raga ina,
Mundhingkawati wong siji, angalahaken nagara, mabura kang tanpa sentik.
– 03 –
Juwala
apa si bendhul, ya ta wis amaribui, raja gagaman talaga, ora nan kang
ngundhili, kang cinekel boya kena, den buru-buru tunungtik.
– 04 –
Ting
salengseng ngalor ngidul, lamon geger garwa aji, yen pinanjingan ing
dhustha, dadak-dadak den ebyuki, kaligane tan kacandhak, pating
bilulungan tan polih.
– 05 –
Tan
olih gawe alusut, ya ta kamisosot kangpri, Ki Tumenggung Paracutan,
Brajamatya adhag-dhag dhig-dhig, seja nyekel sang Bathara,
Mundhingkawati tan keni.
– 06 –
Sang
Anom pan dipun cawuk, ambekane dipun tarik, dening Arya Paracutan,
kacandhak Mundhingkawati, mundelik kaya apejah, ora duwe napas mijil.
– 07 –
Sabab
nyawa den talangkup, dening Paracutan sakti, wus ngedhag tanpa ambegan,
Mundhungkawati lir mati, kaku jengkeng ora obah, kawenangan ika dening.
– 08 –
Gelapnyawang
wus jumegur, namber Paracutan katimbis, Tumenggung pejah den Gelap,
babarpisan angemasi, nyawa Mundhing kawarnaa, ucul wis rumanjing maning.
– 09 –
mangsup
dhateng jasadipun, janggelak tangi urip, Paracutan tulus pejah,
kulawargane anangis, nuhunaken pangapura, nuhunaken gesang malih.
– 10 –
Ngasih-asih
aturipun, dhumateng Mundhingkawati, supados mangke gesanga, tan wande
angabdi, sacecepenganing Paracutan, katura ing Mundhingkawati.
– 11 –
Tilar
Atmajayanipun, sujud ing sampeyan gusti, rama dalem Anggalarang, Talaga
dipune ngabdi, kahula datan langgana, ginawe abang putih.
– 12 –
Dhateng
Pakuwan pra kuwu, ing ngarsa sampeyan gusti, Mundhingkawati ngandika,
ora rep yen isun iki, den bekteni ingkang kaya, Jayalengka wong
mementhil.
– 13 –
Kadedo
ra dadi ratu, babaktine Paracutan, Paracutan wong luwih ala,
calak-calik ing agusti, endi ingkang gadhang menang, ya iku den aku
gusti.
– 14 –
Sanadyana
maring isun, ya pon mangkono maning, yen katekan musuh sesa, cakelane
den go bakti, kanggepa ing ratu anyar, si monyet si tai anjing.
– 15 –
Tan
pantes dadi Tumenggung, pantes dadi wedhi bumi, saturune mapan ora,
kena den pambri papati, patut kanggo gawa salang, pikulan buburu dhuwit.
– 16 –
Sira
wus age mampus, aja supe kene nangis, Paracutan endha modar, enggo apa
den uripi, wong ora lana ngawula, pangidhepe nengah minggir.
– 17 –
Nagara
seja sun japut, arep sun cekel pribadi, sun rebut sing Atmajaya, aweh
ora weh ing mangkin, sun prawasa lan dumadak, ila ing badhami becik.
– 18 –
Ya
sun anggep bala ratu, ika Atmajaya lengking, yen wangkal iya sun kebat,
sun tumpur kahananeki, anak putune sun buwang, sun uprak ing bumi
ngriki.
– 19 –
Ya
ta Baronjot Tumenggung, kawirangan padha nisi, kawarnaa Jayalengka, wus
wruh yen Tumenggung mati, den samber dening Gelap, Nyawange
Mundhingkawati.
– 20 –
Jayalengkara
agupuh, adir-adir sakti luwih, kalih sadherek kang nama,
Sukmaantalirasa sakti, amapag sireng payudan, Rahaden Mundhingkawati.
– 21 –
Sukmaantalirasa
sampun, ambabar ing baris geni, malabar adadya wangwa, adan sang
Mundhingkawati, narajang baris dahana, mepes dadi awu nuli.
– 22 –
Medal
tanpa sangkan banyu, mumbule lir gunung warih nrajang ing Antalirasa,
kentir kagawa ing warih, ya wis larut tan katingal, kentir kagawa ing
warih.
– 23 –
Ambles
maring dhasaringpun, sangyang Talaga alalis, dan Prabu Jayanglengkara,
medalaken wira sakti, bulus putih angambara, nuruni racun garigis.
– 24 –
Mundhingkawati
rahayu, tan pakara kang garigis, bulus putih dipun japa, kajulina
tibeng siti, gramang-gramang iku dadya, silem ing talaga yoni.
– 25 –
Tandange
Jayalengkara, angembat sanjata angin, Sangyanf Aliwawar ngena, nampek
ing Mundhingkawati, lisus angeder lir ngreba, akening Sangyang Ukir.
– 26 –
Parandene
kang tinuju, wangkeng kadi pacek wesi, kawur maning yen iyaa, gumingsir
salagi beli, Mundhingkawati amuja, banyu cikeruh ngulati.
– 27 –
Panumbule
kadi gunung, narajang ming Jayalengking, kapisanan kalembak, sumilem
amblese maring, Sangyang Talaga ika, wus merad alalu lalis.
PUPUH XL
ASMARANDANA
– 01 –
Duk
iku Mundhingkawati, tulus jayane angrebat, pusaka saking ramane, menak
pra kuwu Pakuwan, sadaya sami nembah, ing Mundhingkawati ngulun, idhepe
ing Pajajaran.
– 02 –
Apa
kaya wingi uning, Mundhingkawati samana, wus den angkat pangratune,
dening luluhure ingkang, nami Ciyungwanara, sumulur ing ramanipun,
katelah nalendra anyar.
– 03 –
sang
Prabu Mundhingkawati, anata ing Pajajaran, jaksane lan papatihe, wong
pinter anginger bala, ingkang kasebat nama, Ki Patih Gurugul iku, kawal
ratu Pajajaran.
– 04 –
Tumenggung
kang anami, Ki Tumenggung Padhamenak, kang nguningani pagawe, wong
cilik sabarang karya, angrapu-rapu bagja, anulak cilaka isun, kang
buawana Pajajara.
– 05 –
Demang
Sedhapura, ingkang ngreh pradata sakabeh, pamagutaning wicara, putus
ing kademangan, pinangka pajakanipun sang ratu ing Pajajaran.
– 06 –
Ngabehine
kang anami, Kawungluwuk ingkang nama, ngagem pajagan sakabeh, sakalir
ring pamatrolan, ngabehi kang uninga, wau ingkang manjing metu, ing
buwana Pajajaran.
– 07 –
Awindon
ataker warsi, Mundhingkawati angraja, garwa domas ing kathahe,
Prameswarine kang nama, Dewi Trusgandarasa, kang asal kaputrenipun,
Sunan Tegal kahiyangan.
– 08 –
Duk
samono Gulbopati, kang wus lenggah binagawan, iku Susunan Sambate, lan
Sunan Jumajeng, lan Sunan Tegalkayangan, lan Sunan Telagamunggung, lan
Sunan Ranggalimbangan.
– 09 –
Duga
ing sawuri-wuri, anak putu Pajajaran, kang amba gawan linggihe, iya
kasebut Susunan, lan kaya ika benjang, Susunan ing Tatanpolawung, lan
Susunan Raja Malaka.
– 10 –
Lan
Susunan Wanaperi, lan Susunan Pandhajawa, lan Susunan Ranggalawe, lan
Susunan Ciburu ika, lan Susunan Kidul ika, kalawan Susunan Parung,
kabeh tedhak Pajajaran.
– 11 –
Suhunan
Jati apa maning, pon ya tedhak Pajajaran, saking luluhur ibune, tatapi
duk samana, sakabeh durung ana, masih nyatur kang luluhur, kang ana ing
Pajajaran.
– 12 –
Sang
Prabu Mundhingkawti, karemene ambedhag sangsam, ing alas arame-rame,
kulawarga santana, paburu asadhiya, sakti-sinatenan iku, yen buru
kidang manjangan.
– 13 –
Pating
careluk sukati, surake ambal-ambalan, sok rena sagedhene, kang pareng
olih bayangan, pirang-pirang manjangan, idang pirang-pirang atis, wadya
bala katutugan.
– 14 –
Kang
den bakar dentengi, babat kang den pangan mantah, kang dipun ayem
atine, ora nan kakurangan, gaganting anarambah, kang dhinendheng dipun
gulung, wus loba pana dhacinan.
– 15 –
Kang
den bacem den petheni, pirang-pirang kang tampayang, bakasem daging
sakabeh, lir ta kang mangan anyaran, den gecok den rerempah, den sasate
den pepenthul, ana den brangas kewala.
– 16 –
Masih
abang jare manis, wus warna-warna asuka, sukane manah agawe,
olah-olahaning mangan, dupi lawasing lawas, genya kasengsem aburu,
singga alas den oyak.
– 17 –
Ya
ta dadi anarengi, manjangan asantana, kumanjangan daden-daden,
turunaning Linggaiyang, duk rasmi lan manjangan, iku wus aduwe turun,
kang katelahe ing nama.
– 18 –
Manjangan
gumulung sakti, lan manjangan wulung upas, ing galunggung kahanane,
tanopen kidang ancaran, lan kidang panawungan, ya iku kang estu turun,
Linggaiyang kang sasmata.
– 19 –
Manjangan
gumulung yakti, iku ramaning manjangan, gumaringsing ing ulese, mangka
nata uga ika, sang kidang panawungan, iya iku ramanipun, sang kidang
pananjung ing Sundha.
– 20 –
Dangune
den osak-asik, kang bangsa kidang sambawa, manjangan pon sambawane,
dadi ika ratunira, tan sakeca ing nala, sumeja sira tutulung, maring
kula balanira.
– 21 –
Manjangan
gumulung sami, kalih sang kidang panawungan, seja angayoni gawe, gelar
panyelang susila,maring Mundhing Bathara, sampun wangun gelar pamuk,
sakarang ngamuk ing alas.
– 22 –
Paburu
akeh kang mati, gegere wong Pajajaran, samya kapalayu kabeh, dening ika
ing ngamukan, ing kidang lan manjangan, dening tantetesing punglu,
gagaman maning yen mempana.
– 23 –
Sedhengane
ika bedhil, mariyem datan tumama, pelore kaduga gepeng, wus kadi
lempung kewala, ing awaking manjangan, gawoke nembe anemu, iku ta
manjangan apa.
– 24 –
Patutu
iku dhedhemit, inton-inton panawungan, kidang jurig alas moreg,
galunggung betan siluman, ngamuk amarawasa, anglingkab koncaning ratu,
dening teka kabeneran.
PUPUH XLI
M I J I L
– 01 –
Ki
Ngabehi Kuwungluwuk ngandhepi, manjangan den coco, lawan keris atugel
kerise, Kuwungluwuk den undha wanti, den tuju tumuli, kapental lir
punglu.
– 02 –
Demang
Padhamatang ngandhepi, kidang den cekel soso, iya kuwel gulung rame
lagane, ingkang kidang dipun timbisi, lawan gada wesi, prandene tan
pupul.
– 03 –
Gada
tikel Ki Demang den undhi, muluk kadya pelor, ora kruwan Ki Demang
tibane, Ki Tumenggung Padhamenak sri angandhepi maring, kidang sangsam
wau.
– 04 –
Sigra
tortoran pijig-pinijig, aprang popon-popon, pan binalangaken kidanga,
tan kahur parek den wingkis-wingkis, kidang ika uwis, kapental ing
ngasruh.
– 05 –
Ora
kaya manjangan kang sakti, nujahipun solot, Ki Tumenggung ing
kabelasate, ora kruwan tibane malih, adan sang apatih, Yang
Gurugulkiwul.
– 06 –
Enggal
tandang manjangan den kempit, sinerat dhumongkol, sadyanira sinembeleh
age, ora kaya seking tan sipi, ya datan miyatani, ing gagamanipun.
– 07 –
Gulunipun
manjangan tan kanin, sigra kang manjangan nyokni, ing Ki Patih ya
karasa seget, dadya sira ucul sing astaneki, ambaluki Pati, kabyesat
adhawu.
– 08 –
Tangi
ngudhag dipun tujah maning, kapyesan tan adoh, tangi ngudhag den
papagane, dipun udha den walik-walik, duga pasukadi, tatali aliyur.
– 09 –
Murud tinandhu sang kyai patih, wus tan ana miyos, wong Pakuwan padha geris kabeh, ingkang kaparag sami, geger pating careluk.
– 10 –
Dupi
kidang manjangan anuntik, maning jeng sang katong. Mundhingkawati
sabandhu wargane, garwa kula bala ngili, pala dara nisih, ngalor ngetan
metu.
– 11 –
Saking
kutha Pajajaran mijil, gamarudug gatos, samya bubar saupacarane, gunung
Trogong kang den purugi, munggu kadikuling, Tegaluwar ayu.
– 12 –
Ya
sejane go umpetan aningid, ing gon ya ing kono, pandhe siluman ya iku
genahe, mulane dipun wastani, Tarogong kang nami, ya pangonan alimun.
– 13 –
Paparabe
kang kuna angapti, gunung Kuwendenlok, iku gunung Antragangsa rane, iya
iku namaning kang ngukir, kang seja den ungsi, ya dening sang prabu.
– 14 –
Sagrawane
saselire ngiring, kumaritig mrono, mung kang kari saelir-elire, duk
samana iku sang dewi prameswari aji, trus kandha duk iku.
– 15 –
Dhuweg
bobot wawahu sangang sasi, ngenthe-enthe loyon, meteng tuwa suwe
lakune, duk lalaku pan ambeneri, bumi Tegalsili, kang gandane arum.
– 16 –
Ya
ing kono pareng kaget kanyedig, dening kidang langgon, lan manjangan
gumalunggung pri kaget, dupi Prabu Mundhingkawati, bubarira kadi
kapusus ing musuh.
– 17 –
Tan
emut garwa Kaluwargi, ting barisiting wong, rebut urip
sewang-sewangane, ya kang meteng brojol mijil, ing tegalsili, ingkang
gandane arum.
– 18 –
Tan
karasa jabang bayi mijil, bawaning ambesot, pan kaburu karo laki
lempate, wus anyandhing ingiring aning ukir, Antragangsa nenggih, den
jaluki tulung.
– 19 –
Prabu
Mundhingkawati ambelik, he gunung Tarogong, tulungana isun sakabehe,
lagi kawalesan den baledig, dening kidang sakti, lan manjangan racun.
– 20 –
Ya
ing wau kidang sun baledig, pirang-oirang buron, dupi iki isun kang
kaseseg, ing manjangan dadi amuki, mantrinisun sami, tan kawagang
nempuh.
– 21 –
Balanisun
akeh padha mati, katujah kacokot, wong Pakuwan samya abubar kabeh,
mrene iki jawane angili, age den agelis, tulungana isun.
– 22 –
Sinambadan
pareng samana ukir, Yang Gunung Tarogong, belamiyan katingal ing jrone,
kaya jagat ing weteng ingukir, dan Mundhingkawati, sabronjote mangsup.
– 23 –
Maring
jagat ingkang ing sajroning ukir, wus mangsup sakabeh, ya dadi ingkang
enakane, wusing manjing ing sakulawargi, gunung Tangkep maning, apa
kaya mau.
– 24 –
Pan sarupa merad Mundhingkawati, ing gunung Tarogong, ora metu-metu salawase, ya ta kidang manjangan dadi.
– 25 –
Ya
ta Dewi Trusgandarasa adi, kaget dhateng kempong, tembe emut ing
wewetangane, yen wewedhe tan karsa amilih, bawaning alali, duk wau
lumayu.
– 26 –
Prameswari
alara anangis, baya anaking wong, ana ngendi baya ing tibane, sapa bisa
manggihena gusti, si jabang bayi mami, kang marojol kantun.
– 27 –
Prabu
Mundhingkawati lingnya ris, ing garwa ja dados, dukaciptanira
prakarane, anak kita kang marojol kari, tangtu anyuluri, ing tilas kita
mau.
PUPUH XLII
M E G A T R U H
– 01 –
Pan
sigegen kang sarupa lalisipun, warnane sang jabang bayi, kang neng
Tegal Silih harum, pepeleme den dilati, dening embok macan wadon.
– 02 –
Wus
karesi si jabang kaya ingedus, den cokot kang ari-ari, sampun punthes
kaya puput, kaya kucing amberseni, maring anake mangkono.
– 03 –
Karojotan si jabang lagi ing riku, macan kesah ngunguliti, nuli ana wong aruru, akyu aran kahiborit, ningali jabang ing kono.
– 04 –
Pan binakta si jabang den agupuh, pramila dipun wastani, Siliwangi namanipun, krana asale kapanggih, ing alas rum kuno.
– 05 –
Tegalsili
tampanganing alas gunung, jabang sili rum dan urip, urip ing wong
ngambil kayu, kocap anak kahi Borit, salirum warna jalitro.
– 06 –
Wantu-wantu
dadi anak tukang kayu, badan ora bresih-bresih, kalalare ladheg buruk,
ora na praja-pajaning, taliti putra sang katong.
– 07 –
Ya
wus apa dudune bocah ngon gunung, carobong ngenek-ngeneki, ora ilok
adus-adus, ing maletenge agething, rambut kethel ingakotor.
– 08 –
Tan
kawarna lampahe budhak salirum, kawarnaa kidang lemping, sasirnane ya
sang prabu, dadi ika ngosak-asik, anang Pajajaran nyewot.
– 09 –
Maring
menak pra kuwu padha alarut, amalayu den baledig, geris tan ana
atunggu, ing praja den tinggal bresih, golendhang kariya kosong.
– 10 –
Kaisenan
kidang manjangan akumpul, garadang-gridik awan bengi, angkohe anjabel
dhatu, dheweke ingkang ratoni, ing kono mulane manggon.
– 11 –
Gawoking wong menak pra kuwu, genya kasanglat saking, wedi mareg bok den amuk, padha geris samya nisih, ing parna ing adoh-adoh.
– 12 –
Kidang
Panawungan lan Manjangan Gumalunggung, lunta puas-puas ati, ngamuk
ngulon ika mampuh, Pakuwan Prayangan goning, Ciyungwanara dipun brobok.
– 13 –
Geger
gemetus menak Prayangan alarut, padha ngili nyingid tebih, maring guwa
maring gunung, tan ana bisa ngundhili, pan sami abubar adoh.
– 14 –
Prabu Ciyungwanara ngili lumayu, ing Simpar patapaning, Ajar Ujung Banaliwung, asingidan denimponi, dening Ki Ajar ing kono.
– 15 –
Wus angarti anak putu padha larut, sowang-sowangan lumari, rebut urip laku rusuh, ibur uwis ora mikir, maring laku raton-raton.
– 16 –
Ya
wis pating barisat tan mikir lungguh, nagara wus …………. gandring,
kalingdih ing kidang bungur, …………. kaisen dening, kidang menjangan
ton-inton.
– 17 –
Ika padha angkohe anglindih ratu, malesa poli den buroni, Mundhingkawati duk mau, amburu manjangan dari, saiki gagantos buron.
– 18 –
Ya
sang Kidang Panawungan sabala ngratu, ing Pakuwan kulon nenggih,
Prayangan kang dipun gelung, malah wus putra anami, Kidang Pananjung
gadhang wong.
– 19 –
Dupi
sangsam gumlunggung sabalanipun, angrat sakukubaning, Pajajaran kuwu,
Pakuwan brang wetan nenggih, kang den wingkis kang den enggo.
– 20 –
Pajajaran
kilen wetan wus den aku, ing Kidang Sampati, kulon sang Kidang
Panawung, wetan Manjangan Kumliking, manjangan ya la wus miyos.
– 21 –
Putra
Manjangan Gumaringsing namanipun, ya iku kang gadhang jalmi, pramila
ing waktu iku, kidang manjangan kadhasir, sarasmi kalawan wong.
– 22 –
Sabab
asal-usul Inggaiyang wau, Kidang Panawungan sami, akir dalanjal
malulut, yen manjangan iku dening, sing Galunggung dhemen ing wong.
– 23 –
Lan
yen monyet Cogowang iya ikut, ilok dhemen maring jalmi, sabab
asal-usulipun, sing Lutungkasarung dhingin, margane kadi mangkono.
– 24 –
Waktu
iku Pajajaran kaslangipun, ing ratu sato sambawi, ya sijar salaminipun,
Silirum sing maksih alit, maksih dadi budhak kangon.
– 25 –
Ala
walatra bocah anerus tunjung, lami-lami ika nuli, ana kawenganing
pulung, putra menak Sindhangkasih, nyi Rara Sigir pan jatos.
– 26 –
Masakaken
ing budhak si Silirum, ingimponi den karseni, denedusi timbul pulung,
ya si wantu tedhakaning, andana wirya gung katon.
– 27 –
Gilang-gilang marenenge tejanepun, komarane anelehi, mangga ngucapa sang ayu, Rara Sigir genya ngapti, aja na liyaning jodho.
– 28 –
Dadya Jaka Silirum ing jidhonisun, mungga kadulura dening, panadyane atinisun, mangkana ing duk pamikir, sawiji kalawan jodho.
PUPUH XLIII
D U R M A
– 01 –
Waktu
iku nuli ana ing bancana, wau cicipaning, dalem Palimanan, karsa
angiwat-iwat, Sigir Panjaling ingkang den prih, adan sakala, iku
nyamber sang putri.
– 02 –
Putri
Sigir sinamber tan kena inadha, enggal dipun tulungi, dening Siliganda,
kalampah sira pancas, buto roro den kembari, kinarya sepak, padha buta
kagulinting.
– 03 –
Malah
katon ing wong Sindhangkasih sadaya, Silirum asakti, anyana punika,
dudu bandra-bandrakan, duga buta kalih neki, larut asirna, wau den
sanjatani.
– 04 –
Dadi
mundahak katarimahe ing kana, dening wong Sindhangkasih, pareng
lawas-lawas, Siliwangi teka karsa, ing manjangan seja wani, pinenging
aja, dening si Rara Sigir.
– 05 –
Aja
sira ngulati gawe angangkah, isun melang ing ati, bok ora kawagang,
sunrungu ika sangsam, kaliwat ing saktineki, kaduga ngebat, aken
Mundhingkawati.
– 06 –
Jaka
Salirum wangsulane ika, ingkang sun ajab lalis, angrebat nagara,
babaguse wong lanang, angulati apa maning, punika sawarga, ginawe ayu
mangkin.
– 07 –
Adan
mangkat Silirum anggawa panah, tan arsi dipun iring, kali wayangan,
sudira ngundi lawan, panantang baya ngenani, sampun anjujag, pra kuwu
kang den ancik.
– 08 –
Dyan
Manjangan Gumulung wus dadya mulat, iku hebating jalmi, adan lan
gagadhang, Silirum dipun tujah, tinujah kaliwat kadi, nuju wawayangan,
tan dangu den walesi.
– 09 –
Ya
Manjangan Gumalunggung sinabet lan panah, bugel sangsam ngemasi, adan
putranira, ika ingkang nama, ya Manjangan Gumaringsing, bela ing bala,
narajang bela pati.
– 10 –
Den
papagaken layan sanjata wisesa, Manjangan Gumaringsing, wus kakenan
panah, malesate kagawa, dupi tiba dadi jalmi, gupuh anembah, dhumateng
Siliwangi.
– 11 –
Apoliye
iku menak pra kuwu ika, maring daleme malih, sagenah sayasa nipun kang
mula-mula, lamine sawelas warsi, kosonging praja, tembe saiki pulih.
– 12 –
Duka
yuswaning sawelas warsa, Siliganda wus bisa ngrebut puri, lan ika
manjangan, Gumaringsing kumawula, ingapura den wenehi, cacangkok pisan
ing Galunggung pan nagari.
– 13 –
Jaka
Siliganda angulon ika, jujug prayangan ngancik, Kidang Panawangsa, duk
ningali kolebat, ing jalmi amburu aglis, ing Siliganda, adan pinapag
aglis.
– 14 –
Dipun
sabet lan panah tugel sang kidang, Panawangsa ngemasi, adan ingkang
putra, seja bela ing rama, Kidang Panjing prepeki, maring sang Ganda,
kidang den panah aglis.
– 15 –
Amalesat
Kidang Pananjung atiba, sira dadi jalmi, tumuli anembah, dhumateng
Siligandha, la iku purwaning dadi, menak prayangan, bisa balik mulih.
– 16 –
Ing
enggone alinggih lagi duk kuna, sawelas tahun angili, saiki dumadak,
bisa pulih waluya, karebut ing Jaka Sili, riku kang kidang, Pananjung
ika aksami.
– 17 –
Den
apura pan sinung cacangkok sisan, ing Panawungan perni, wus apulih
karta, ing rat Pajajaran, Siliwangi kang ngimponi, ing Pajajaran, kang
gadhang nyakrawati.
– 18 –
Baudendha
wekasanira nalendra, datan antara nuli, Prabu Ciyungwanara, mantuk ing
Ujungbana, maring Pajajaran malih, asuka rena dening ananulungi.
– 19 –
Kujajaka
prawira nom sing dibaya, dening kaliwat sakti, arebat wipala, subagjane
sun puja, dadiya susuluraning, sri Pajajaran ingkang bagawani.
– 20 –
Ya
tan dangu Parwatali talibarat, gela nyawang pra sami, tedhak atur wara,
peciling Mundhingkawati, babaring Tegal ara-ara Siliwangi.
– 21 –
Duk
kapeleter dening Kidang Manjangan, diweg mateng kang bibit, mesat dugi
babar, jabang tiba katilar, ing tegal siliwangi, dupi kang yayah, rena
manjing ukir.
– 22 –
Ya
sarupa lalis tilar si jabang ika, sima ingkang dilati, pareng macan
linggar, jabang dipun gemes sang dening rencek kyai Borih, inggih
punika delap dumadi sakti.
– 23 –
Ciyungwanara
ngandika mangsa bodhoa, kinongang nundhung weri, dadine danyata,
kaprabon duwe nira, ora nyelang ora nyiling, sasmata angrebat, ing
pusaka pribadi.
– 24 –
Sira
sanyata gintung-gingtung manira, si gintung saiki, sun istreni sira,
dadya angreh Pakuwan, Prayangan pra kuwu uwis, karone tunggal, sira
ingkang ngimponi.
– 25 –
Alungguhan
nyakrawati Pajajaran, ingkang muji jati, ing salungguhira, tirimaa
sira, dening Yang Acintamanik, ratu sajagat buwana kabeh iki.
PUPUH XLIV
LADRANG
– 01 –
Sinahuran geger peter ketug muni genya ngangkat, karajaan Siliwangi, ratu araga sukma akadang sukma.
– 02 –
Bala dewata jawata amayungi wus kaloka, kajana priya ing luwi, ora ana kaya ratu Pajajaran.
– 03 –
Sugih sanak sugih putra sugih rabi dadya merna. ngiseni Sundha nagari, kang anyar-anyar katondha saking kana.
– 04 –
Lan koncara liwat luwihing prajurit, ora ana musuhe ing buwana iki, kina wenang iku ing sakarsanira.
– 05 –
Menak pangrengku kang nama awarni-warni, Gajah Muntang, Gajah Barong Gajah tandhing, Gajah Manggala muwah Gajah Siluman.
– 06 –
Gajah Enggang Gajah Puntang Gajah Rucik, warna-warna, Katumenggungan malih, Kalangwirana Kalangbadhag Kalangbrama.
– 07 –
Kalangluhur kalawan Ki Kalangeling, Kalanglunana, Kalangtonggo Kalangsari, Kalangangkes Kalangsiyu Kalangrejang.
– 08 –
Kademangane kumerab awarni-warni, kebek ing rat, Jalana kang ngabehine, mantri gedhe mantri cilik wis anjagat.
– 09 –
Pan mangkana wadon abrakothi, kocap ingkang, ing Pakuwan nyakrawati, sugih wadon miwah sugih putra wayah.
– 10 –
Wis awindon takeran tahun amukti awibawa, tan ana durga nyantoli, pan gumelar putra wayah ya anjagat.
– 11 –
Malah istri kang purwa anggumateni timur mula, ingkang wau Sindhangkasih, dadi tulus jodhone lawan sang nata.
– 12 –
Katelah nyai Embok Agung amutrani ingkang nama, ajalera den Sangkeki, putra dalem ana ing rat Pajajaran.
– 13 –
Dupi garwa ingkang nama Panawangi apuputra, jaler ingkang apranami, Mundhingdalem paparabe putra nata.
– 14 –
Nulya iku akrama ya maring putri Tejasuka, nami Putri Pamratsari, nuli puputra kang Susunan Pandhajaya.
– 15 –
Pandhajaya iku wus mutrani maning ingkang nama, ing putra saiki negari, jaler ingkang naminipun Raden Umbang.
– 16 –
Dupi putra Nubdhingdalem sanes bibit iku lanang, Prabu Kangkangirang nenngih, nama Prabu sabupati lungguhira.
– 17 –
Duk samono akeh putra ingkang den prih lawan nana, prabu ana ing bupati, cacangkoke bupati pan dudu nata.
– 18 –
Prabu Kangkangirang ika mutrani ingkang nama, Linggaiyang anem suri, Linggaiyang puputra Sangiyang Arjuna.
– 19 –
Sangiyang Arjuna baya gung asisiwi ingkang nama, Linggalawang ing Cipamali, rang-arang acucuk prang ngamuka.
– 20 –
Dupi garwa Siliwangi ingkang nami mraja cinta, iya iku amutrani, Sangiyang Madhangrasa Medhangkamamangga.
– 21 –
Ana dene garwa Prabu Siliwangi ingkang nama, Maharaja Larang kang nitis, Kidang Pananjung ingkang saking Ratulawang.
– 22 –
Tyas iku ingkang ngawiyosi siwi ingkang nama, Siliwangi ingkang nama, Ratu Widayaka sakti, Ratu Widayaka anuli sira puputra.
– 23 –
Prabu Resik ing Rajapolah kang puri dupi garwa, Siliwangi ingkang nami, Saselawangi apuputra Sangiyang Tular.
– 24 –
Kang alinggih aneng Panembong ing puri, dupi garwa, Prabu Siliwangi maning, ingkang nama Ratna Yumanik gumilang.
– 25 –
Apuputra Yang Jampana alinggih aku ana, ing Ratulawang kang puri, ana denegarwa Prabu Siliganda.
– 26 –
Ingkang nama Dewi Pergilayaransari mulya putra, Sangiyang Wiragasakti, Yang Wiraga puputra sang Ratu Puntang.
– 27 –
Ingkang tapa aneng ing pucuking ukir made sukma, sangkane jujuluk nami, iya iku Sangiyang Bathara Larang.
– 28 –
Ratu Puntang puputra titiga nami, Pernalarang ing Raturuyuk kang puri, kapindhone Anggalarang Anem lenggah.
– 29 –
Kang adalem ya ana ing Ratuwangi, kaping tiga, sang Prabu Jayapakuwan, ing Jumajang ingkang puri, Prabu Jayapakuwan iku puputra.
– 30 –
Prabu Sendangpugeran iku kang alinggih, aneng arga Gunung Munara kang puri, angadheni Ratu Mas tuwa nini moyang.
– 31 –
Kang alingghih Kamiwelas dining puri, Yang Mas tuwa, apuputra Kidang Pati, Ukur sepuh aneng kadhipatenira.
– 32 –
Dupi Prabu Sendhangpugeran mutrani, ingkang nama, Prabu Sendhanglimun sakti, kang adalem ya aneng Sagara Erang.
– 33 –
Sendhanglimun kunuli mutrani, Prabu Sela, ing Ngabdu ing alinggih, ya ana ing timun putih puranira.
– 34 –
Sendhang Ngabdu ika apuputra malih, kang nama, Prabu Sendhang Gunung nami, kang adalem ing Gunung Gedhe kang pura.
– 35 –
Sendhang Gunung iku amutrani maning, kang anama Prabu Sendhang Jayasakti, ingkang dalem ana ing Tetegal.
– 36 –
Sendhang Kajayan nuli ika amutrani, ingkang nama, Prabu Wasipernasakti, kang adalem ing Rajapolah.
– 37 –
Prabu Wesi pareng ika amutrani, Kandhuruwan tuwilimun kang alinggih aneng Gunung Ciaya ing enggonira.
– 38 –
Kandhuruwan ika mau amutrani, sanga jalma. Mundhing Bthara kang linggih, adalem aneng Pamijahan Karang.
– 39 –
Ki Santohan Kadirun kang anjeneki desa aran, Eran-eran Ngewre nami, pernaira tapis wiring Pajajaran.
PUPUH XLV
P U C U N G
– 01 –
Lurah Bangsa punika ingkang alungguh, ana ing Pagagan, Patrabangsa lan maninge, ingkang linggih Luwimundhing dalemira.
– 02 –
Pancase la ing Palered dalemipun, santohan punika, ing Panguragan genahe, Wirakusuma ing Ciasem ingkang pernah.
– 03 –
Arya Wirantanu ing Cibalagung, Ki Wargakosala, ing Pamanukan genahe, sanga iku putrane Ki Kandhuruhan.
– 04 –
Dupi garwa Siliwangi kang wulangun, ki Wargakosala, ing Panunukan genahe, sanga iku putrane Ki Kandhuruhan.
– 05 –
Ingkang ana Sundhalarang dalemipun, Sijine kang nama, timansapura jenenge, ingkang dalem ana ing timbangan ika.
– 06 –
Wondane wau Yang Wiroga ausunu, nama ratu Demang, Bathara Sakti jenenge, nulya puputra Sangiyang Sempokwaja.
– 07 –
Sempokwaja kang agarwa putrinipun, Panji Rababuwana, amiyosi kaputrane, kang kaksih jeng Batharadinata.
– 08 –
Dupi garwa Siliwangi kang wulangun, Buniwati raras, amiyosaken putrane, jenenge Ratu Pramana punika.
– 09 –
Nulya gagarwa [iutri saking raja Galuh, sri Praman ika, anuli miyos putrane, nama Suhunan Jaratna ing Cipinaha.
– 10 –
Garwa Ratu Pramana kang nemla ika, putraning Susunan, Medalagung ingkang miyos, putra nama Susunan Raja Malaka.
– 11 –
Tyas iku dadalem ing Cangkuang pernahipun, kaloka ing rat, Dipati Cangkuang mangke, ingkang rayi istri iku namanira.
– 12 –
Kang dadalem ing Cangkuang pernahipun, kaloka ing rat, Dhipati Cangkuang mangke, ingkang rayi istri iku namanira.
– 13 –
Ratu Kawunganten rama dewa iku besuk, ingkang dados garwa, kang Susunan Jati ing Carbon, mangka Dhiputi Cangkuang iku puputra.
– 14 –
Ratu Pananten rama dewa jenengipun, jujuluking nama, kang Susunan Ranggalawe, kang dadalem ing Timbangaten nagara.
– 15 –
Dupi garwa Siliwangi kang pulangun, Rumsari ganda, iku amiyos putrane, Sangiyang Ageng kang alinggih Setularang.
– 16 –
Nulya Yang Ageng nuli amiyosi sunu, nama Sangyang Mayak, aneng Cilutung genahe, Yang Mayak puputra dalem Narasinga.
– 17 –
Ing kajaksan ing Carbon iya iku, tumuli apindha, maring Kanci dadalem, nuli puputra dalem Nayagati ing Sundha.
– 18 –
Kang dadalem ing Ngendher ingkang jujuluk, ki Dhipati Cangal, dupi kang katelah ing ngendher, Dupi garwa Siliwangi kang anama.
– 19 –
Rara Siluman miyosi putra pipitu, abangsa lelembut, ki Sangulara namane, iya iku kang limunan ing Tunjungbang.
– 20 –
Ki Dhiriwengi ing Ragan manggene lungguh, ki Kuyupuk ingkang, ing Guwa Upas dhemite, ki Kamalarang ing Ngonom genya ngimba.
– 21 –
Ki Mayadewata ing Malakbok genya lungguh, ki Daluwengi ingkang, ing Guwa Sancang limute, iki lewi aneng Guwa Pajajaran.
– 22 –
Dupi garwa Siliwangi kang wulangun, Sri Intenbancana, iku miyosi putrane, pan titiga sawijine ingkang nama.
– 23 –
Mundhingsari kapindho Yang Sumur Agung, ping telu kang nama, sangyang Wirun paparabe, mau Sumur Agung nuli puputra.
– 24 –
Sangiyang Widaya anenggih ing namanipun, kang neng Sawunggantang, dupi Yang Wirun kang miyos, putra ingkang paparab Ratu Rawana.
– 25 –
Ratu Rawana iku nuli susunu, pra buwana bala, ki Wanabaya linggihe, Prabu Wanabaya nulya puputra.
– 26 –
Ingkang nama Sangiyang Ngabehi cucuk, ingkang sakapika, lan Linggawayang marmane, Linggawayang putrane Sangiyang Arjuna.
– 27 –
Duk wau Linggawayang turun-tumurun, puputra Sri Wayang, ing Citaman dadaleme, nuli Sri Wayang Nuli puputra.
– 28 –
Linggasri aneng Pangkalan tumuwu, nuli apuputra, Sangiyang Sogol ing Maleber, nuli puputra Raden Senapati Ngalaga.
– 29 –
Lan Sangyang Panengah ingkang muwah adhinipun, ingkang apranama,Yang Lebakwangi jenenge, dupi garwa Siliwangi kang anama.
– 30 –
Pandalarang ika amiyosi sunu, lilima satriya, Yang Sumur Bandhung linggihe, Sangyang topasri lan SangyangBabak panyarang.
– 31 –
Lan Sangyang Cimara kalih Sangyang Ciagus, sakalih maneh ika, nama Raden Tetel kabeh, Raden Tetel kang sepuh nuli puputra.
– 32 –
Raden Memenang ingkang mangke tuwuh, ing Tegal Koripan, jenek ing salami-lamine, dupi garwa Lisiwangi kang anama.
– 33 –
Katurunan ing sih ingkang miyos putranipun, jalu ingkang nama, Yang Guntebuyeng jenenge, nuli puputra Prabu Layapakuwan.
– 34 –
Prabu Layapakuwan anuli susunu, Prabu Rangsangjiwa, Rangsangjiwa nuli miyos, putra lanang sang Dhipati Kartamana.
– 35 –
Kartamana lilima ing putrinipun, iku Gedhengrungkang, Tumenggung Suradarmane, Tumenggung Sedhangrungkang lan Tumenggung Cikakak.
– 36 –
Kalih Ki Kartamnggala iya iku, dupi Ki Gedhengrungka, apuputra ing name, Dhipati Manggala nuli puputra.
– 37 –
Ingkang nama kiyai Kabul puniku, Kabul putra papat, Ki Nataraga wastane, Wangsacandra Wangsanata Wangsaprana.
– 38 –
Wangdaprana apuputra Ajengawu, lan Ajengarjuna, iya tirik iya lerek, Bagus ardi Tumenggung warga dinata.
– 39 –
Kabeh iku tedhak Sundha gung-ginunggung, saking Pajajaran, kang mernah pencar-pencare, kang anjagat sawengkening Pakuwan.
PUPUH XLVI
S I N O M
– 01 –
Ki
Tumenggung Suradarma, iku apuputra nyai, Emas Batulawang ika, kang
aneng ardi, dupi Tumenggung Sedhangrunggi, nulya Cirawati nama, anulya
puputra nami, Kyai Emas Anggawijaya puniku.
– 02 –
Dupi
garwa Siliganda, Mayangkaruna kang anami puputra Guru Gantangan, kang
jujuluk kang Ranggamantri, lawan Puswawangi, lan Raja Parana iku,
anulya nuli puputra, Prabu ing Pakuwan adhi, lan Susunan Wanaperi ing
Talaga.
– 03 –
Wanaperi
apuputra, Sunan Parung ingkang nami, dupi Yang Linggapakuwan, jujuluk
Maraja tunggilipun, nuli puputrapunika, Mundhingjaya ing Mandhal
alinggih, nuli ika sang Pandhahan.
– 04 –
Akrama
aputranira, Lembualas nulya mutrani, Ki Dhipati Ukur tuwa, nuli putra
papat nami, Ukur Ngoradhipati, kalawan Santohan iku, lan santohan
Urureng, lan Raden Sobanumitadi, ingkang gagarwa iku maring puranira.
– 05 –
Ki
Dipati Kungkang ika, nyi Gedhengkulan ika, nyi Gedhengkulan kang nami,
nuli putra nyimas Kirana, lan ki Wansadhipa iki, Wangsadhipa mutrani,
lilima kathahe iku, Raden Tandang kang nama, Raden Togog namaneki,
Raden Danupati ing namanira.
– 06 –
Muwah
Raden Wangsareja, lan Wangsadireja nami, mangkana santohan pelang,
miyos puputra kakalih, Demang Gedhe puputra, tetelu ingkang anami,
Raden Wirareja lan kimas Wargadipa.
– 07 –
Klawan
Raden Wargayuda, nuli Raden Gedhe nami, miyos putrane sakawan, Mas
boncel Mas Kariya nami, lan kang nama Raden Kacang iki, Raden Rinahon
iya iku, kabeh terah Pajajaran, dupi putra Siliwangi, ingkang miyos
saking ampiyan punika.
– 08 –
Kang
nama Sang Deyasa, Raden Srigadhing murtrani, Sangyang Surakerta, ya iku
bojakertadi, kang sawijine maning, putra ing ampiyaniku, nama sang Raja
Wiwara, ing Majalakang dalemneki, kang sawijine kumaning Siliwangi
putranira.
– 09 –
Nama
Sunan Tambaliyang, putra istri kang anami, Ratu Gumilang akrama, putra
Santohan iki, ing Gunung Licin linggih, amiyosi putra ninipun, kanjeng
Susunan Madya, ing Taraju kang negari, kang sawijine maning kaputra.
– 10 –
Siliwangi
ingkang medal, saking arum ganda Wayangsari, ika paparabing putra, kang
Suhunan Ciptalewi, ing Kawungngora dalemneki, Ciptalewi putra tetelu,
sijine ingkang nama, Rajaiyang brusbuhani, kang alinggih aneng
Parakantig.
– 11 –
Lang
Sngyang Rajawabana, ing Kandhangwesi kang linggih, ping telu Lokajaya,
ing Cidhamar parnah neki, ingkang sawijene kumaning, putra Siliwangi
iku, kang miyos saking Sri Tanduran, inggih titiga kang siwi, Gajatapa
nama dalem ing Pawenang.
– 12 –
Kapindhone
Ratu Kara, kang tapa ing matahari, ping telune ingkang nama, sang
Bathara Resik Putih, kang tapa ngawang-ngawang gempi, Resik Putih
asusunu, Ratu Dewa Gung la ika, ingkang amiyosi siwi, Ratu Guru Ajijaya
namanira.
– 13 –
Anuli
ika puputra, Ratu Guru Aji Putih, Susunan Kalana Ulunan, nuli ika
asisiwi, Pangeran Sumedhang nami, nuli putra sakawan iku, ki
Ranggacarikan nama, lan ki Ranggagedhe nami, lan ki Raden Suradiwana ya
ika.
– 14 –
Lan
ki Yang Tunggabuwana, ing Wedhanglarang alinggih, kapat ki Tajimalela,
ing Sumedhang gene linggih, dupi garwa Siliwangi, ingkang namanira iku,
Padnawati Araras, miyos kakalih kang siwi, kang sawiji ing namane
punika.
– 15 –
Anggamantri
namanira, lan sinine niku maning, nama Raden Sadhanglarang, Anggamantri
miyos siwi, nama Sedhawati, Sedhawati puputra wau, anana Yang Medhang,
Yang Medhang nuli sisiwi, ingkang nama Susunan ing Pajengan.
– 16 –
Kang
linggih aneng Kuningan, ing satedhak-tedhak neki, dupi wau
Sedhangrerang, Cakradewa putraneki, Caktradewa sisiwi, Sri Ngacala
namanipun, ingkang krama putranira, sang Kidang Panajungan nami, Prabu
Srimangka nuli puputra.
– 17 –
Ingkang
nama Boros lan Ngora, kang aneng Panjalu kang puri, ki Ngora ing
Rajapolah, dupi sing sabrang nenggih, Subang Karancang jenengipun, ika
nyi Subang Karancang, Singapura kang negari, gih punika careming jatu
Krama.
– 18 –
Kalih
Ratu Pajajaran, titiga miyosi siwi, siji lanang ingkang nama, Prabu
Cakrabuwanadi, panengahe istri nami, Rara Santa jenengipun, warujune
lanang nama, ki Raja Sangara iki, putra titiga lan rujuk dhateng kang
rama.
– 19 –
Karsane
kudu miluwa, maring agamaning muslim, agamaning bosok bedha, pramilane
den sengiti, dening kang rama aji, inguprak-uprak tinundhung, milane
tinggal kaputran, nyimpar-nyimpar numpal keli, lami-lami karsa nyabrang
maring Mekah.
PUPUH XLVII
P U CU N G
– 01 –
Rara Santang pinet garwa Mesir ratu, mila tilar bumi kana, Cakrabuwana mantuke, maring Jawi aneng Carbon dalemira.
– 02 –
Nulya krama dhateng putrane ki kuwu, nama Kantanalarang, anuli miyos putrane, ingkang nama Pangeran Carbon punika.
– 03 –
Kalih istri nyi Rakungwati ya ikut, dadya Cakrabuwana, katelah kaji namane, Abdul iman kalawan Arya Lumajang.
– 04 –
Lan kang nama Pangeran Gagak Lumayung, ngamandhing Pakuwan, manpet pajeg ing trasine, sabab dening cinandhak ing Arya Lumajang.
– 05 –
Rara Santang wis lawas ing Mesir iku, nuli wus puputra, loro lanang ing namane, Syeh Hidayatulah kalawan Syeh Nurullah.
– 06 –
Syeh Hidayatullah angajawa ikut, alingging Ardiamparan, Sunan Jati papabe, pan rinengga dening kang uwa Lumajang.
– 07 –
Dadi akeh kang manjing Islam aguru, ing wong cilik tuwis menak, barungah sadayane, Wali Jati kang katubturan akramat.
– 08 –
Dupi putra Siliwangi saking putranipun, Dhampuawang kang minangka, Kandhanghaur kaputrene, ingkang nama Balilayaran punika.
– 09 –
Putri bungsune Siliwangi iku, sang putri Layaran, masih cilik den kekentel, ingkang nama Siliwangi sebenernya.
– 10 –
Den kekentel mrana-mrene datan kantun, kocap Prabu Wanara, dan memeksa ing yogine, Siliwangi den tutur gagaib ira.
– 11 –
Den patiten sajeg ana wali iku, ilang ing guriyang, Pajajaran surem kabeh, pangaruhe ing puri tan wurung tanggal.
– 12 –
Den abecik aniti puri Sigintung, ya isun wis ana, kang mapag ngajal kasucen, pati nami ing dina kabeh wekasan.
– 13 –
Tan antara Ciyungwanara dadya iku, awak lutung asukupat, jalmi sing dhadha mukane, ……..anjengek alinggih roro kang asta.
– 14 –
Dupi saking wuri suku awarni buntut, nalosor nangcep ing andhap, narik maring sapta burine, pan tinarik ing buntutira priyangga.
– 15 –
Dadya sirna merad tan katingal iku, dening kang putra wayah, wusing sirna luluhure, amung kantun Prabu Siliwangi ika.
– 16 –
Mana sajen sadina roro ing kalbu, kukuwung mesum katingal, sang teja lor wetan pernahe, naban bengi sumonge padhang sumirat.
– 17 –
Ora liyan kang dadi sangsara iku, si cantang sarowangira, kang padha gama muslime, ingkang dadi sangara ing Pajajaran.
– 18 –
Adan prabu animbali patihipun, Tambisara nama, priksanen sumong ing kene, padhang sumong ya iku tejaning apa.
– 19 –
Ora pranti ana teja kaya iku, apa manusa bathara, anyala wadi katingale, den agelis padha rujagen denira.
– 20 –
Tambisara pamit nembah kesah sampun, ambakta satus prawira, angungtik kang teja tinon, nyata anang Gunung Jati pernahira.
– 21 –
Den talikah nyala wadi teja iku, pan seja den rujag, wong satus muwah patiye, ambrek sami lumpuh tan sesa ing angga.
– 22 –
Genya
lumpuh sing dalu dalan enjingipun, pareng enjing suhunan, marikasa
maring wong akeh, arep waras beli yen mambri ana atambah.
– 23 –
Tampanana kang sadat roro puniku, ucapen denira, tangtu waluya jasade, adan patih napal sadat sadhapurnya.
– 24 –
Padha Islam nulya waluya wong satus, tur den rampek pisan, lan suka wangsul ing nagrine, maring Sundha lir ring wus sejen agama.
– 25 –
Mung ki Patih Tambisara kinen wangsul, sarta bakta surat, saking sunan cacangkoke, wayah aji gih eyang amantu bilah.
– 26 –
Pan kang eyang sang prabu seja dumulur, maring gama Islam, ora kaya ing tedhake, Parwatali saking langit kandika aja.
– 27 –
Apa gawe idhep ing agama busuk, mung ta pusaka kita, sada lanang ngendi gone, prene kena age juputen den enggal.
– 28 –
Ya ingalap sada pinanjer ing alun-alun, apa ing Pakuwan, mangkana nulya parenge, merad lalis sakulawarganira.
– 29 –
Migerngiyang munjuk rayak-rayak gayuh, maring elor wetan, den papag adiasa srine, saking swarga kang para jawata sadaya.
– 30 –
Wusing merad lalis Prabu Siliarum, ing Pakuwan tan ana, kang kari amung bupatine, kang sapalih sapratiganing kang Islam.
– 31 –
Kaya Patih Cangkuwang wus mukmin iku, lan Dipati Kartamana, ki Dimati Ukur kolot, Islam maning ing Ciahur bupatinira.
– 32 –
Amung menak pra kuwu kang masih kupur, samerade Siliganda, Sunan Jati dereng ngertos, masih dadi satriya iku lalana.
– 33 –
Kawarnaa putri bungsuning sang prabu, Dewi Balilayaran, katilare sabab dening, balening Cangkolkencana.
PUPUH XLVIII
DHANDHANGGULA
– 01 –
Dupi
nusul amburu wus kari, dadya bungsu lara-lara, karuna polos wiyanga,
salantrah-lantrah mangmung, pan dumadak nulya pinanggih, lawan jaler
kang nama Jaka Kabu, asal kulup Siliganda, marmanipun katulus alaki
rabi, aneng jabaning kutha.
– 02 –
Jaba
kutha kutha Pakuwan den apti, inggistrenan dening wong sadhomas,
sinebut ing pangasrine, iku Susukan kabu, Sunan kabu ika tumuli,
apuputra kang nama, Prabu Pucuk Kumun, lan istri Ratu Madhapa, Ratu
Madhapa kang besuk alih alaki, maring kyan Santiwara.
– 03 –
Ya
kyan Santi atitising Siliwangi, nuli ika amiyosi putra, wadon Murngali
jenenge, olih laki wong agung, Bimalarang ingkang pranami, tumuli
puputra, Sri Jampang pan mau, ika sang putri Madhapa, laki maring kyan
Santi wus gadhah pecil, ciciptane Ajar Sukarsa.
– 04 –
Rara
Wudhu ora payu laki, kang kakasih tanduran gagang, marmane iku den
edol, tanduran gagang iku, ing Walanda den tuku dadi, lan bedhil
titiga, dupi ika prabu, Pucuk Kumun agagarwa, Inten Kadhaton ksputren
titilaring, sang Prabu Ciyungwanara.
– 05 –
Careming
jodho ika mutrani, Prabu Ardikuning namanira, anuli puputra roro,
Sangyang Sarepan Agung, lan Maraja Cipta kang linggoh, ing Galuh
apuputra, Santohan Kolelet nuli sisiwi, kyai Gedheng utama.
– 06 –
Gedheng
Utama puputra dalem Japati, nuli puputra ji Japatingora, nuli puputra
ing mangke, nama ki Pati ika sisiwi, kyai Wiranegara, dupi ika mau,
Maraja Cipta puputra, ya tetelu kang dhingin istri anami, Maraja Dalem
Agengan.
– 07 –
Jujuluke
Tanduran Ageng Asri, kapindhone nama Sangyang Pramana, Yang Dhigaluh
jujuluke, kaping telune ya iku, Cipta Pramana kang linggih, aneng
Kakarasuka, ya Prabu Dhigaluh, mangka mau mraja dalem agen laki, ing
Susunan Batuganda.
– 08 –
Sunan
Batuwangi kang ana ing Cipamancur ya ing parnah hira, ingka wali
kukubane, kocap Prabu Cimacur, nuli ika mutrani nami, Dhipati
Kartanata, anuli susunu, ki Kandharuwan Babakan, nuli puputra ki
Wirabaya Sakti, nuli ika puputra.
– 09 –
Ki
Wiraprabangsa ika nuli, apuputra Raden Walenggabala Estu, dupi Sangyang
Pramana nenggih, ika nuli puputra, nama Sangyang Wirun, Arya Wirangun
Yang Tunggal, iku puputra Aciputi, nuli ika puputra.
– 10 –
Kyai
Ajeng nama Amongragi, nulya puputra kyai Wiranaga, Kabolotan ing
pernahe, nuli ika susunu, Wiranaga kang sinare ing wewengkon
Pasirnagara, nagara kawangsul, nuli ika apuputra, kyai Wiranaga mangko
ika nuli, puputra Mertadinata.
– 11 –
Dupi
Cipta Pramana kang niti, ing Dhigaluh ing Kakarsuka, anuli Miyos
putrane, ingkang paparabipun, ki Dhipati Panahekan yakti, nuli ika
puputra, nengga naminipun, Akimas Imbanegara, nuli puputra ki Gedhe ana
ing, Cohaka ning Sorpura.
– 12 –
Gedhe
Godhaka ika amutrani, ki Dhipati Sendhangmargalaya, tumuli puputra
mangke, Raden Pati Tumurun, Miyosaken putra kang nami, Raden
Wiranantaja, iku turun ratu, taliti ing Pajajaran, dadi menak
pagunungan ika sami, ing satedhak-tedhak ira.
– 13 –
Ing
Prayangan pra kuwu wus dadi, para Bupati tanpa nelendra, sasesa-sesane
dhewek, sewang-sewangan angratu, dupi ing Carbon ika kang dadi, Sang
Jati Wali Allah, kang den ratu-ratu, deng uwa Cakrabuwana, winuri-wuri
ing jati ratu wali agung ingkang jumangah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar